Showing posts with label tembung. Show all posts
Showing posts with label tembung. Show all posts

Silah-silahing Ukara


Silah-silahing ukara (basa Indonesia: Jenis kalimat). Ukara yakuwi rangkaian tembung kang nyatakake gagasan, pikiran awujud katrangan, pitakon, panjaluk utawa maksud liyane. Tata ukara bisa diprinci utawa disilah miturut tindakan jejer lan wasesa, miturut wangun ukara lan miturut wedharing gagasan.

Pérangan ukara miturut langsung orané

  1. Ukara kandha (kalimat langsung)
  2. Ukara carita (kalimat tak langsung/berita)


Tindakan

Silah-silahing ukara miturut tindakan jejer (pokok kalimat)marang wasesa (predikat)lan wasesa marang lesan (katrangan), dibedakake kaya ing ngisor iki:
  1. Ukara tanduk (kalimat aktif)
  2. Ukara tanggap (kalimat pasif)


Wangun ukara

Dene yen dideleng saka wangun ukara (ganep orane) diperang dadi telu, yakuwi:
  1. Ukara ganep, utawa ukara lamba (kalimat lengkap)
  2. Ukara ora ganep (kalimat tidak lengkap)
  3. Ukara rangkep (kalimat majemuk)


Wedharing gagasan

Yen didulu saka wedharing gagasan:
  1. Ukara crita (kalimat berita)
  2. Ukara pitakon (kalimat tanya)
  3. Ukara pakon (kalimat perintah)
  4. Ukara pangajak (kalimat ajakan)
  5. Ukara panjaluk (kalimat permintaan)
  6. Ukara pangarep-arep (kalimat harapan)
  7. Ukara prajanji (kalimat janji)
  8. Ukara upama (kalimat perumpamaan)


Tuladha

1.Ukara kandha (kalimat langsung) Tuladha (contoh): - Ujaré: "Aku aja diganggu-gawé" (Ia berkata: "Saya jangan diganggu.") - Ibu ngendika: "Yen wis rampung gek ndang mangan." (Kata ibu: "kalau sudah selasai cepatlah makan.") - "Bocahe ayu tur pinter dandan", jaréné Ki Walang. ("Dia cantik dan pandai bersolek", kata Ki walang.)
2. Ukara carita (kalimat tak langsung) Tuladha (contoh): - Dhèwèké kandha yèn ora gelem diganggu gawe. (Ia berkata bahwa ia jangan diganggu) - Ngendikané ibu yèn wis rampung gèk ndang mangan. (Kata ibu kalau sudah selesai silakan cepat makan.) - Jaré Ki Walang bocahé ayu tur pinter dandan. (Menurut Ki Walang gadis itu cantik dan pandai bersolek.)
3. Ukara tanduk (kalimat aktif) Tuladha (contoh): - Ki Walang dhahar sega lawuhan endog. (Ki Walang makan nasi dengan lauk telur). - Aku budhal menyang sekolah numpak sepédah. (Saya berangkat ke sekolah naik sepedah). - Tanggaku bengak-bengok saka njaba pager. (Tetangga saya berteriak-teriak dari luar pagar.)
4. Ukara tanggap (kalimat pasif) Tuladha (contoh): - Adhiku ditambani Pak Dokter. (Adik saya diobati Pak Dokter) - Pelemé wis dientèkaké Ki Walang . (Mangganya sudah dihabiskan Ki Walang) - Yu Pita diwènèhi klambi papat. (Yu Pita diberi baju empat helai)
5. Ukara pakon (kalimat perintah) Tuladha (contoh): - Jaken mréné bojomu. (Ajaklah istrimu kemari) - Terké aku blanja nyang pasar. (Antarkan saya belanja ke pasar) - Budhala saiki uga. (Berangkatlah sekarang juga)
6. Ukara panjaluk (kalimat permohonan) - Coba kowé nembanga sing apik. (Coba kamu menyanyi yang bagus) - Tulung aku digolèkké kembang sing isih seger. (Tolong saya dicarikan bunga yang masih segar)