Showing posts with label basa. Show all posts
Showing posts with label basa. Show all posts

SESORAH MENGETI DINTEN PENDIDIKAN NASIONAL

Mengeti dinten pendidikan nasional

JINISE UKARA PITAKON

JINISE UKARA PITAKON

TETEMBUNGAN KANG MAGEPOKAN NGANGGO TEMBUNG RAJA.

Raja : yaiku kang nguwasani negara, wenang marentah, midana, geganjar, negara dianggep duweke dhewe [feodalistik]
raja siwi : anaking ratu.
raja-brana : bandha sarta barang-barang sing akèh pangajine.
raja-jamas: ngèlmu kanggo sarana nêgori kayu gêdhe.
raja-kaputran : sandhangan lan rêrênggan pangantèn (lanang, wadon).
raja-kaya : kewan ingon-ingon sing ngêtokake kaya (jaran, sapi, kêbo).
raja-manganggo : panganggone ratu.
raja-muka : petungan dianggo mbincili bêgja cilakaning lêlakon (maling lsp).
raja-pati : raja-pêjah (k) : prakara pêpati marga kêrêngan lsp.
raja-pèni : barang-barang sing pèni-pèni.
raja-pundhut : ladèn barang-barang saka wong cilik marang nêgara (ratu).
raja-putra : anaking ratu (pangeran, pangeran adipati).
raja-putri : putrining ratu.
raja-singa : lêlara bangsane  bêngang.
raja-sunu : anaking ratu.
raja-tatu : prakara tatu kang marga kêkêrêngan lsp.
raja-wisuna : prakara sing ndadèkake padudon.
rajamanggala : ratu agêng
rajanara : ratu èstri
rajanari : ratu wadon.
rajaniti : 1. pangadilan: 2. babagan pangrèh praja.
rajapadni : pramèswari.
rajaswala : kidung, rajaputri, pasindhèn
rajaswara : kidung, sindhèn
rajaswata : (S) kw 1 waktu kang prayoga: 2 wis nggarap-banyu, wis mangsane omah-omah (akil balig): 3 anaking ratu.
rajasyara : kidung, sindhèn
rajatadi : rajabrana, sêsotya, rajapèni, mas sêsotya, langkung
rajawali : pêksi rajawali
rajawandha : wragad 
rajaweda : (kw) kurban slamêting ratu murih raharjaning nêgara.
rajawèni : sirah
rajawêrdi : jasad rupane sêmu biru (dianggo dhasaring êmbanan intên lsp).
rajayoga : wêwadhah



sumber: 
http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/

PEPRINCENING JINISING TEMBUNG



Basa saja kaperang dadi 9 golongan tembung, yakuwi:
1.       tembung kriya (mlaku, tuku, adol, lsp.)
2.       tembung aran (omah, tikus, mrica, lsp.)
3.       tembung kaanan (kendel, abang, kuru, lsp.)
4.       tembung katrangan (prayoga, kira-kira, dumadakan, lsp.)
5.       tembung sesulih (kata ganti: aku, iki, iku)
6.       tembung wilangan ( siji, akeh, pirang-pirang, lsp.)
7.       tembung penggandheng/lantaran (ing, saka, menyang, lsp.)
8.      tembung panyambung (sumawana, suprandene, jalaran, lsp.)
9.       tembung panyeru (adhuh, wah)
·         Tembung Kriya
Kang sinebut tembung kriya yakuwi sakabehing tembung kang nyatakake solah bawa, tindak-tanduk utawa tumandang gawe. Ana sajroning ukara, tembung kriya biyasane nduweni fungsi wasesa.
Tuladha: Nurahma nangisGozy tiba.
                   J            W         J      W
Tembung nangis, tiba kuwi wasesa lan yen ditilik saka jinising tembung kalebu tembung kriya. Sanadyan amung kedadeyang saka jejer lan wasesa ukara ing ndhuwur kalebu ukara singwis komplit.
Dene tembung kriya sing isih mbutuhake tembung liyane amrih sampurnane diarani tembung kriya mawa lesan (kata kerja berobjek/transitif). Tuladhane tembung kriya sing kaya mangkono yakuwi: nabrak, nabok, menthung, adol, nyiram, ngetung, nagih, nuthuk, lsp.
Suwalike tembung nangis, ora perlu utawa ora mbutuhake tembung liyane       `
·         Tembung Aran
Nama sakabehing barang utawa apa wae kang dianggep barang diarani tembung aran. Miturut kalungguhaning tembung ana sajroning ukara tembung aran bisa kalebokake ana ing jejer utawa lesan. Tuladhane ing ngisor iki.
Adhiku nendhang bal
J             W       J
Tembung adhiku lan bal, diarani tembung aran.
Tembung aran kaperang dadi rong golongan, yakuwi:
1.       tembung aran kang maujud (kasad mata)
2.       tembung aran kang ora maujud (ora kasad mata): kasugihan, kapinteran, kaluwihan, lsp.
Pandhapuking tembung aran kaperanga dadi loro.
1.       tembung lingga
2.       tembung andhahan
Dene tembung andhahan kang kalebu tembung aran kadedayan kanthi cara-cara ing ngisor iki.
·         Rimbag lingga andhahan, kanthi cara menehi ater-ater: sa-, pa- pi-, pra-, ka-.
·         Kadhapuk kriya wacaka, wujude pe-tanduk
·         Kadhapuk rimbag wisesana, wujude (- + -an)
·         Kadhapuk rimbag dayawacaka, wujude (pa- + tanduk + -an)
·         Kadhapuk bawa wacaka, wujude (ka- + lingga+ -an)
·         Kadhapuk panambang –wan,-man, -wati.
·         Kadhapuk panambang –ku, -mu,-e
·         Kadhapuk kanthi cara rimbag rangkep
·         Kadhapuk dadi camboran lan wancahan
·         Tembung kaanan
Sakabehing tembung kang nyatakake kepriye kaanan/sipat maneka warna bab. Tuladha: kembangabang, omahe gedhe, bocah nakal, lsp. Tembung-tembung kang kalebu kaanan iki nduuweni owah-owahan tertemtu. Ing ngisor iki owah-owahaning tembung kaanan (ana kalane tembung tertemtu kalebu tembung kaanan ana kalane ora kalebu tembung kaanan)
1.       1.      kalebu tembung kaanan/sipat
Tembung iki tetep digolongake tembung aran menawa papan panggonane ana samburine tembung aran. Tuladhane:
Budi angkara, watak sembrana, ula mandi, lsp.
1.       2.      kalebu wasesa
Upamane: Omahe Sariman gedhe, klambiku suwek, Anake Pak Suta lara. Gedhe, suwek, larakalungguhane ana sajroning ukara  minangka wasesa, dene jinis tembunge minangka kriya silihan.
1.       3.      kalebu katrangan, jinis tembunge diarani tembung katrangan.
Upamane: sariman mlaku alon-alon. Manuk mabur dhuwur.
Tembung alon-alon lan dhuwur nerangake wasesa, mulane kalebu katrangan. Dene jinis tembunge diarani tembung katrangan.
1.       4.      kalebu tembung aran
ü                  diwenehi panambang –e
gedhe dadi gedhene
lega dadi legane
ü                  diwenehi tembung panggandheng (kata depan): kang/sing.
Ssing cilik lungguh ngarep, sing gedhe lungguh mburi.
Kang lena bakal ketiwasan.
ü                  menawa nduweni kaanan/sipating manungsa biyasane dadi sesulihe jenenge manungsa kuwi kanthi carra diwenehii tembung si.
Kaya si cebol nggayuh lintang.
ü                  diwenehi tembung Panggandheng/kata depan ana sangarepe.
Kanthi lega legawaning ati.
·         Tembung Katrangan
Gatekno ukara ing ngisor iki!
1.       1.      Adhiku mangan themal-themil.
2.       2.      Sarjono nangis senthuk-senthuk/ ndrenginging.
3.       3.      Maling kuwi mlayu nggendring,
Tembung themal-themil, senthuk-senthuk/drenginging, nggendring, kuwi nyebutake cara-carane mangan, nangis, lan mlayu. Tembung-tembung kang nerangake wasesa utawa nerangake babagan liya kajaba tembung aran  kuwi diarani tembung katrangan.  Dene tembung kang nerangake tembung aran diarani tembung kaanan. Tembung katrangan sing kulina dianggo yakuwi:
1. tembung katrangan wektu/titi mangsa
2. tembung katrangan papan panggonan
3. tembung katrangan sing nyethakake dadi lan orane pakaryan
4. tembung katrangan kang nyethakake kahanan pakaryan.
Miturut wujude tembung ana kang arupa tembung lingga lan ana kang arupa tembung andhahan. Kang arupa tembung andhahan yakuwi:
1.       Diwenehi panambang –e: prayogane, maune, lumrahe, wangune, lsp.
2.       linggane dibaleni: ujug-ujug, durung-durung, suwe-suwe, kira-kira, lsp.
3.       Diwenehi ater-ater sa-/se- :  sakawit, sakala, sajeg jumbleg, lsp.
4.       Diwenehi ater-ater sa- lan panambang –e: sabisa-bisane, sakuwat-kuwate, sagedhe-gedhene, lsp.
·         Tembung Sesulih
Tembung kang dianggo nggenteni jeneng barang utawa manungsa, lan tembung kang nuduhake panggonan barang utawa manungsa diarani tembung sesulih/kata ganti. Peprincening tembung sesulih:
1.       Tembung sesulih kang mratelakake wong (kata ganti orang);
Tembung sesulih kang mratelakake wong iki kaperang dadi papat:
·         Tembung sesulih utama purusa (aku, kula, ingsun)
·         Tembung sesulih madyama purusa (panjenengan, ndika, kowe, sampeyan)
·         Tembung sesulih pratama purusa (dheweke, Man jae/jeneng wong)
·         Tembung milik (omahe, omahmu, omahku)
2.       Tembung sesulih kang mratelakake dununging barang/wong (kata ganti tunjuk);
3.       Tembung sesulih kang dadi tembung panggandheng (kata ganti hubung);
4.       Tembung sesulih minangka pitakon (kata ganti tanya);
5.       Tembung sesulih barang kang ora nggenah (kata ganti tak tentu);
Ing ngisor iki bab-bab kang magepokan klawan tembung sesulih.
1.       Tembung sesulih yen nerangake babagan barang dununge ana samburine barang kang diterangakke. Tuladha: bocah iki, omah kae, dhusun sampeyan.
2.       Ana sajroning ukara tembung sesulih bisa nduweni kalungguhan minangka jejer, wasesa, lesan, lan liyane.
1.       Jejer: Iki durung disarujuki dening para warga. (komplite: Prakara iki).
2.       Wasesa: Bocah kang koktakok-takokae dhek wingi iku kae ta?
3.       Lesan: Tekan seprene aku durung ngreti kuwi (komplite bab kuwi).
·         Tembung Wilangan
Tembung wilangan kabedakake telung perangan, yakuwi:
1.       Tembung wilangan kang nyatakake gunggung (jumlah);
Tuladha:
Beras telung goni kae timbangen!
1.       Tembung wilangan kang nyatakake undha-usuk/tingkatan.
Anakku sing nomer loro aran Giselia.
1.       Tembung wilangan durung genah (ora ngerti gunggunge)
Tuladha: Aku mung nampabathi sethithik.
·         Tembung Panggandheng
Sakabehing tembung kang nggathukake tembung siji lan sijine diarani tembung panggandheng/tembung lantaran. Ana sajroning Basa Jawa wujuding tembung panggandheng yakuwi:
Ing             : Aku wis telung tahun manggon ing kutha.
Menyang   : Sore mau, kowe menyang ngendi?
Saka          : Bengi-bengi ngene iki kowe saka ngendi?
·         Tembung Panyambung
Sakabehing tembung kang bisa nyambung utawa nggathukake antaraning tembung siji lan sijine. Miturut wujude tembung panyambung kaperang dadi loro:
1.       tembung panyambung kang isih lingga : lan, saha, tuuwin, sebab, lsp.
2.       tembung panyambung kang awujud andhahan: luwih-luwih, apa maneh.
·         Tembung Panyeru
Tembung panyeru diarani uga tembang sabawa.
1.       Lho, digunakake ana sajroning ukara sing beda karo kanyatan (Lho, kok ngono, mbok ngene)
2.       Lha, digunakake ana sajroning ukara kang pas/cocok karo kang dikarepake (Lha, ngono kuwi aja kaya mau)
3.       Eman,  kanggo ukara kang nggelakake (Eman, bocah bagus kok patrape kaya ngono!)



        Kapethik saking Modul basa Jawa X