JINISE UKARA PITAKON

JINISE UKARA PITAKON

BASA INDONESIA
BASA JAWA
1. Kalimat Tanya Klarifikasi dan Konfirmasi
Klarifikasi: . penjernihan, penjelasan, dan pengembalian kpd apa yg sebenarnya (tt karya ilmiah dsb);
konfirmasi:. penegasan; pengesahan; pembenaran.
1.       Ukara Pitakon Klarifikasi (nyethakake, nerangake) lan Konfirmasi (negesake, miterang bener lan orane)





Yang dimaksud kalimat tanya klarifikasi (penegasan) dan kalimat tanya konfirmasi (penjernihan) ialah kalimat tanya yang disampaikan kepada orang lain untuk tujuan mengukuhkan dan memperjelas persoalan yang sebelumnya telah diketahui oleh penanya. Kalimat tanya ini tidak meminta penjelasan, tapi hanya membutuhkan jawaban pembenaran atau sebaliknya dalam bentuk ucapan ya atau tidak dan benaratau tidak benar.


Sing diarani ukara pitakon klarifikasi lan ukara pitakon konfirmasi yaiku ukara pitakon kanggo wong liya kanthi pangajap negesake, miterang bener lan orane perkara sing sadurunge wis dimangerteni dening sing takon . Ukara pitakon iki ora njaluk katrangan kanthi tlesih, nanging mung mbutuhake wangsulan bener la orane sawijining perkara kanthi wangsulanya apa ora, utawa bener apa ora bener (luput).

Kalimat Tanya Klarifikasi.
Contoh :
Ukara pitakon Klarifikasi.
Conto:
1.      Benarkah Saudara yang mengarang buku ini?
1.       A.Bener kowe sing ngarang buku iki?
B.Bener panjenengan sing ngarang buku iki?
C.Leres sampeyan ingkang ngarang buku menika?
D.Leres panjenengan ingkang ngarang buku menika?

2.      Apa benar barang-barang ini kaubeli dengan uang dollar?
2.       A.Apa bener barang-barang iki koktuku nganggo dhuwit dollar?
B.Apa bener barang-barang iki panjenengan pundhut nganggo dhuwit dollar?
C.Menapa leres barang-barang menika sampeyan tumbas ngangge arta dollar?
D.Menapa leres barang-barang menika panjenengan pundhut mawi arta dollar? D.Dados leres panjenengan ingkang nyerat serat menika?
3.      .Jadi benar Anda yang menulis surat itu?
3.       A.Dadi bener kowe sing nulis layang iku?
B.Dadi bener panjenengan sing nyerat layang iku?
C.Dados leres sampeyan ingkang nyerat serat menika?

4.      Benarkah akan terjadi kerusuhan yang lebih besar?

4.       A.Bener arep ana rerusuh kang luwih gedhe?
B.Leres badhe wonten reresah ingkang langkung ageng?

Kalimat Tanya Konfirmasi:
Contoh:
1. Apakah Saudara mempunyai hubungan erat dengan terdakwa?

Ukara Pitakon Konfirmasi.
Conto:
1.       A.Apa kowe tepung raket karo dakwa?
B.Apa panjenengan tepung raket karo dakwa?
C.Menapa sampeyang tepang raket kaliyan dakwa?
D.Menapa panjenengan tepang raket kaliyan dakwa?
2. Apa Bapak sudah menerima surat saya?

2.       .Menapa bapak sampun nampinserat kula?
3. Apakah ini kunci mobil saudara?
3.       A.Apa iki kunci montormu?
B.Apa iki kunci montor panjenengan?
C.Menapa menika kunci montor sampeyan?
D.Menapa menika kunci montor panjenengan?
4. Apa hari itu Anda pergi bersamanya?

4.       A.Apa pas dina iku kowe lunga bareng karo dheweke?
B.Apa pas dina iku panjenengan tindak kaliyan piyambakipun?
C.Menapa kaleresan dinten menika kesah kaliyan piyambakipun.
D.Menapa kaleresan dinten menika tindak kaliyan panjenenganipun.
2. Kalimat Tanya Retoris
Kalimat tanya retoris adalah kalimat tanya yang tidak memerlukan jawaban atau tanggapan langsung. Kalimat tanya retoris biasanya digunakan dalam pidato, khotbah, atau orasi. Pertanyaan retoris dikemukakan dengan bermacam-macam maksud sesuai dengan pokok pembicaraan. Pertanyaan retoris bertujuan untuk memberi semangat, menggugah hati, memotivasi, memberi kesadaran, dan sebagainya terhadap pendengar.

2.       Ukara Pitakon Retoris
Ukara pitako n retoris yaiku ukara pitakon sing ora mbutuhakan wangsulan utawa diwangsuli sanalika iku iuga. Ukara pitakon retoris lumrahe digunakake ing sesorah, khotbah, utawa orasi.  Pitakon retoris dianggo kanggo tujuan menehi semangat, nggugah krenteg ati, kanggo motivasi, lll kanggone wong sing ngrungokake.
Ciri-ciri kalimat retorik :
  • Tidak memerlukan jawaban
  • Berbentuk pertanyaan dan juga penegasan
  • Kadang-kadang menggunakan kata tanya, dan
  • Orang yang ditanya dan bertanya, keduanya mengetahui jawabanya.
Titikane ukara retorik.


·         Ora mbutuhake wangsulan
·         Arupa pitakonan lan uga negesake.
·         Kadhang nganggo tembung pitakon lan
·         Wong sing ditakoni lan sing takon wis padha ngertine.

Contoh kalimat retoris :
Conto ukara retoris.
1. Apakah kita tega membiarkan mereka kelaparan?
1.       Apa kita tega yen ndeleng dheweke nandhang luwe?
Menapa kita tega menawi ningali nandhang ngelih?
2. Apakah nasib kita akan berubah tanpa ada usaha?
2.       Apa nasib kita bakal bias owah tanpa gumregah?
Menapa nasib kita saged owah tanpa gumregah?
3. Mana mungkin Allah menurunkan rezeki bagi orang-orang malas?
3.       Apa iya Gusti Allah bakal maringi rejeki marang wong-wong sing lumuh nyambut gawe.
Menapa inggih Gusti Allah bakal maringi rejeki dhumateng tiyang lumuh nyambut damel?
4. Di mana kita saat mereka memohon pertolongan?
4.       Ana ngendi awake dhewe nalika wong-wong padha njaluk pitulungan?
Wonten pundi panggenan kita nalika tiyang-tiyang sami sambat nyuwun pitulungan.
5. Mana ada pejabat yang jujur di zaman edan seperti ini?
5.       Apa isih ana wong-wong sing jujur ing jaman edan iki?
Menapa taksih wonten tiyang-tiyang ing jaman edan menika?
6. Sudahkah kita mencoba memulai dari diri kita sendiri?
6.       Apa kita  wis  miwiti saka dhiri pribadhi kita dhewe?
Menapa kita sampun miwiti saking dhiri prinadhi kita piyambak?
7. Siapa yang akan bertanggung jawab terhadap moral bangsa kalau bukan kita?

7.       Sapa sing tanggung jawab marang morale bangsa kita, yen dudu kita dhewe?
Sinten ingkang badhe tanggel jawab dhumateng moralipun bangsa kita menawi boten kita piyambak?
3. Kalimat Tanya Tersamar
Kalimat tanya tersamar maksudnya adalah bentuk kalimat tanya yang mengacu pada bermacam maksud. Dengan kalimat tanya tersamar, penanya dapat menyampaikan berbagai tujuan seperti, memohon, meminta, menyindir, membiarkan, mengajak, menegaskan, menyetujui, menggugah, melarang, menyuruh, dan lain sebagainya.

3.       Ukara Pitakon Sinandi
Ukara Pitakon Sinandi yaiku ukara pitakon kang nduweni maksud (karep) kang tartamtu. Kanthi nganggo ukara pitakon kang sinandi , sing takon bias ngetokake karep (tujuan) kayata : panjaluk, pangajak, negesake, ngenengake(ngetogake), nggugah, nglarang, akon ,lll.


Contoh :
Conto:
1. Tujuan meminta:
- Bolehkah saya tahu siapa namamu?
- Dapatkah kamu menolong saya?

1.       Ukara pitakon kang nduweni maksud panjaluk.
Apa kepareng aku nyuwun priksa asma panjenengan?
Menapa kepareng kula nyuwun priksa asma panjenengan?
Apa bisa aku njaluk tulung marang kowe?
Menapa saged kula nyuwun tulung dhateng panjenengan?

2. Tujuan mengajak:
- Bagaimana kalau kamu ikut dalam perlombaan sains antarsekolah?
- Dapatkah kamu menemaniku ke pesta itu nanti malam?

2.       Ukara pitakon kang nduweni tujuan ngajak.
Kepriye yen kowe melu “tandhing sains” karo sekolah liya.
Kadospundi menawi panjenengan ndherek tetandhingan sains kaliyan sekolah sanes.
Apa kowe gelem ngancani aku menyang pesta ing sekolahan mengko bengi?
Menapa panjenengan kersa ngancani kula dhateng pesta menika mangke dalu?

3. Tujuan memohon:
- Apakah kamu bersedia menerima lamaran saya?
- Bersediakah kamu meminjamkan motormu kepadaku?

3.       Ukara pitakon kanthi panuwunan.
Menapa panjenengan kersa nampi lamaran kula?
Menapa kepareng kula nyuwun ngampil pit montor panjenengan?

4. Tujuan menyuruh:
- Bagaimana kalau kamu berangkat ke sekolah sekarang?
- Maukah kamu membuatkan kue bolu?

4.       Ukara pitakon minangka pakon.
Kepriye yen kowe mangkat sekolah saiki?
Kadospundi  menawi panjenengan tindak dhateng sekolahan samenika?
Apa kowe bisa nggawekake aku roti bolu?
Menapa panjenengan saged ndamelaken kula roti bolu?

5. Tujuan merayu:
- Kapan saya bisa mengajak kamu jalan-jalan?
- Jadi kan kamu traktir saya makan hari ini?

5.       Ukara pitakon kanthi karep pangungrum?
Kapan panjenengan kersa takjak tindak-tindak?
Benjang menapa panjenengan kersa kula ajak tindak-tindak.

6. Tujuan menyindir:
- Apa tidak ada orang yang lebih bodoh dari kamu?
- Begini caranya kamu berterima kasih?

6.       Ukara pitakon kanthi tujuan nyindhir.
Apa ora ana wong sing luwih bodho tinimbang kowe?
Kaya mengkene iki caramu ngaturake panuwun?

7. Tujuan menyanggah:
- Apa dengan cara ini semua persoalan dapat selesai?
- Bagaimana jika kita mencari cara yang lain?

7.       Ukara pitakon kanthi tujuan nyanggah.
Apa kanthi cara mangkene prekara iki bakal rampung?
Menapa kanthi cara makaten prekawis menika badhe saged angsal karampungan?
Kepriye yen awake dhewe iki golek wong liya?
Kadospundi menawi kita pados tiyang sanes kemawon?

8. Tujuan meyakinkan:
- Mestikah saya bersumpah di hadapanmu?
- Apa selama ini kata-kata saya cuma pepesan kosong?

8.       Ukara pitakon kanthi tujuan ngyakinake.
Apa mesthi aku kudu sumpah ing ngarepmu?
Menapa kula kedah ngucapaken sumpah wonten ngajeng panjenengan?
Apa sasuwene iki omongku ora ana buktine?
Menapa sadangunipun menika wicantenan kula boten wonten buktinipun?

9. Tujuan menyetujui:
- Tak ada alasan untuk ditolak, bukan?
- Apa pantas hal ini saya abaikan?

9.       Ukara pitakon kanthi tujuan nayogyani.
Ora ana alesan kanggo nulak ta?
Sampun boten wonten alesan malih panjenengan nulak prekawi menika, ta?
Apa becik perkara kaya ngene iki ora takgatekake?
Menapa saenipun prekawis ingkang kados makaten boten kula gatosaken?


SUMBER: http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/search/label/Jinise%20Ukara%20Pitakon

No comments: