Showing posts with label sastra. Show all posts
Showing posts with label sastra. Show all posts

Mahami Geguritan

  1. Mahami Geguritan
    1. Isi Geguritan
    2. Nilai Budi pekerti
    3. Tembung
    4. Aspek:
1)      Wicara → lancar orane, jelas orane
2)      Wirama → dhuwur, cendhek swara
3)      Wirasa → Rasa
4)      Wiraga → Gerak


sumber: https://gistabawana.wordpress.com/2013/05/10/ringkasan-materi-bahasa-jawa/


Geguritan


Geguritan kalebu jinis puisi Jawa Modern. Dene wujud puisi Jawa Tradisional arupa tembang, kalebu tembang macapat, tembang tengahan, lan tembang gedhe. Sing kalebu tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dhandhanggula. Kalebu tembang tengahan yaiku Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung. Dene tembang gedhe yaiku Girisa.
Puisi jawa sing arupa tembang kaikat dening sawenehing paugeran/pathokan. Pathokan-pathokan kang ana sajroning tembang kaya sing katulis ing ngisor iki.
a)      Guru gatra tegese cacahing gatra (baris/larik) saben satunggal pada (bait/pupuh).
b)      Guru wilangan tegese cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
c)      Guru lagu / dhong-dhing tegese tibaning swara vokal ana ing pungkasaing gatra.
            Geguritan utawa geguritan juja-makjujane dianggo kanthi tujuan nyindir / nyemoni kahanan masyarakat wektu kuwi. Kajaba saka kuwi uga nduweni unsur pendidikan. Geguritan nduweni gatra kang ora tetep. Umume (biyen) gatrane kedadeyan saka wolung wanda, uga diwenehi ukara ing gatra kapisan sing unine “Sun gegurit”.
Geguritan saikiwisbeda, ngalami owah-owahan. Geguritan padaha karo puisi bebas sing ora kaiket dening cacahing baris saben bait, cacahing wanda saben gatra, uga ora kudu ana tembang “sun gegurit”, lan ora kudu bab ngandhut unsur pendidikan.
Tema kanggo geguritan iki warna-warna kayata; moral, lingkungan, katresnan, masalah sosial, lan liya-liyane. Ing ngisor iki ana tuladha geguritan sing temane asmara/katresnan.
Geguritan kuwi rinipta minangka wujud saka wedharan gagasan/rasa pangrasa pangripta.
Ana patang babagan kang kudu dimangerteni menawa arep maca geguritan, yaiku analisis situasi lan pamireng, milih geguritan, mbedah geguritan, lan latihan / gladhen.
1)      Analisis situasi lan pamireng
Tegese kanggo mangerteni kondhisi wektu arep maca puisi. Ana ngendi papane, bengi apa awan, ning jaba apa njero ruangan, piye situasine (sedhih, gumbira, serius), pamirang umure pira, agama, pendhidhikan lsp.
2)      Milih geguritan
Ana babagan kang bisa dadi tetimbangan nalika milih geguritan
·         Sifate transparan / lugas
·         Melodius – enak rima lan iramane
·         Isine geguritan diselarasake klawan situasi
·         teaterikal
3)      Mbedhah geguritan
Tegese naliti tuntas isining geguritan
4)      Latihan / Gladhen
Ana loro cara yaiku sacara ora langsung tegese nonton pawongan liya maca geguritan dene sacara langsung tegese maca kanthi vokalisasi lan ekspresif.
Komponen ana sajroning geguritan sing kudu digatekake nalika diwaca :
1)      Penghayatan
Penghayatan tegese mudheng isining geguritan, munggul tembung, intonasi, lan ekspressi / mimik.
2)      Vokal
Sing klebu ana vokal yaiku tembung diunekake kanthi  cetha, munggeleng tembung, lancar orane nalikaning maca, power/ketahanan nalikaning maca.
3)      Penampilan
Penampilan tegese bloking, teknik, setting




kapethik saking Modul basa Jawa X

Crita pengalaman lucu


¡Crita yaiku Tuturan kang mratelakake maneka warni kedadosan yaiku arupi kedadosan kang kasunyatan utawi mung rekaan.¡Pengalaman yaiku punapa kemawon kang nate diayahi.¡Lucu yaiku saged damel tiyang sanes gumujeng.¡Crita pengalaman lucu yaiku tuturan kang mratelakake maneka warni kedadosan  kang nate diayahi awake piyambak utawi tiyang sanes kang saged damel tiyang kang mirengake gumujeng.
vTeori superioritasdegradasi, tegese wong rumangsa seneng lan lucu yen diunggulake nanging ora jumbuh karo kasunyatan.
vTeori bisosiasi tegese wong rumangsa lucu sakwise ngrumangsani ora gathuk antarane angen-angen karo kasunyatan.
vTeori inhibisi tegese wis sakmesthine yen rasa ora kepenak bisa kawetu / kelegan.
vTuladha: -  nyontek
Crita kang bisa nggawe kang mirengake utawa kang maos bisa gumuyu.
  -   kuwatir dadi abang
  -   mbelani untu, lsp.

Tata cara nyritakake pengalaman:
 1.Nulis pengalaman sing wis dilakoni yaiku diwiwiti kanti prolog/purwaka/pangiring
        2.Diwaca maneh supaya yen owah-owahan bisa ditambah utawa dikurangi
        3.Katulis kanthi runtut lan panulissane sing bener lan trep diksine
        4.Nyritakake  kanthi runtut miturut apa sing tinulis kanti ekspresi kang trep.

Cerkak


žCerkak yaiku cerita cekak.
žBiasane katulis ana ing majalah, koran, utawa internet.
žCerkak  ana akeh jenise, kayata cerkak kang lucu, seneng, sedih, lsp.
žCerkak uga bisa dibedakne dadi cerkak anak, cerkak remaja, lan cerkak dewasa.
Unsur intrinsik cerkak:
ž 1. Tema cerkak:  pokok crita cerkakž2.Amanat cerkak: pesen kanggo masyarakat kang maca cerkakž3.sudut pandang panulis cerkakž4.Alur cerkakž5.Setting cerkakž6.Tokoh cerkakž

Kurawa (watak)


    Suyudana  : adigang adigung adiguna.
2.Lesmana  : glenas-glenes, bodho clola-clolo, gonyak ganyuk.
3.Sangkuni  : candhala, julig culika, seneng cubriya.
4.Dursasana  : dur angkara, wengis sugih lamis, sugalndugal.

        saking kathah sumber

Pandhawa (watak)


Yudhistira  : rila legawa, sabar, lan tawakal ing karya.2.
Bima  : jatmika, prasaja, jejeg, jujur, sepi ing pamrih rame ing gawe.3.
Janaka  : temen, tulus, merak ati.4.
Nakula  : nrima, lan waspada.        
Sadewa  : gentur ing panembahira

saking kathah sumber

Drama (sandiwara) Ande-ande Lumut



Prolog
(Musik 1 : prolog)
Kadadosan ing Negari ingkang gemah ripah loh jinawi , tata tentrem kerta raharja . wonten salah sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwe kacekapan . pangeran kala wau inggih punika putra mahkota ingkang bade nglajengake tahta kerajaan .
Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan . pangeran kapingin lelono. Nglampahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi penggalaman gesang . saking mriku wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih punika lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane.

Bagian 1 :
(musik 2 : di hutan <awal>)
Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun . ningali kanan keringipun mboten bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru. Kaneman bagus kalihan pandereke. Paneman wau sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang lelono kangge pados jati dirinipun .
(keterangan: Dua orang berjalan waspada melihat keatas dan kebawah, mencari binatang buruan)

  • Pangeran                       :   Jo… bejo… kowe neng endi? jo…. bejo…
  • Bejo                              :   Pangeran….  Pangeran…. Panjenengan wonten pundi pangeran?….
  • (keterangan: berjalan mundur…. Kemudian bertabrakan bersama, sampai gelimbungan).
  • Pangeran                       :   aduh…  kowe kui ati-atio….
  • Bejo                              :   hehehe.. ngapunten pangeran… kula mboten ngertos pangeran enten wingking kula…
  • Pangeran                       :   rene Jo rene!!!…. Aku arep cerita.
  • Bejo                              :   wonten napa pangeran….
  • (keterangan:  dua orang duduk bersama dan bercerita)
  • Pangeran                       :   Kok renek kewan dina iki ya?
  • Bejo                              :   Injih pangeran sepi sanget…!!!
  • (Keterangan : Pangeran dan pengawalnya berdiri, Kaget melihat ada orang di hadapan mereka)
  • Pangeran                      :   Siapa kui jo…
  • Bejo                             :   kula mboten ngertos pangeran.
  • Pangeran                      :   ngapunten bu , kula bade tanglet?
  • (keterangan:  Yang ditanya diam, tidak menjawab, sibuk dengan kayu bakarnya)
  • Pangeran                      :   Kulanuwun… bu….
  • (keterangan:  Pangeran mendekat pada mbok rondo, tiba-tiba mbok rondo kaget melihat pangeran)
  • Mbok rondo dadapan      :   waladalah…. Sapa kowe?..
  • Pangeran                       :   kula penggembara bu… ngapunten niki dusun napa?
  • Mbok rondo dadapan       :   Iki dusun dadapan le… kowe arep ngapa neng kene??
  • Pangeran                        : kula bade menggembara bu… ananging kula tersesat mboten ngertos dalane.
  • Mbok rondo dadapan       :   Wah.. yow wes…kowe melu mbok wae pie le ??tak dadekne anak angkatku yen kowe gelem.
  • Pangeran                        :   Wah.. injih bu kulo purun bu..
  • Mbok rondo dadapan        :   mulai sekiki kowe dadi anakku.kowe          tak jenengke ande-ande lumut ya le.
(keterangan:  Pangeran bersama dengan pengawal dan mbok rondo pergi menuju rumahnya)
(Musik 3 di hutan < akhir > )

Bagian 2 :
(musik 4 : dirumah keluarga kleting-kleting <awal>)
Wonten injang ingkang terang Mbok rondo kleting nyawiji kalihan putri-putrinipun. Putri-putri Mbok rondo kleting sanget ayu pasuryane, piyambake inggih punika kleting merah,kleting hijau ugi salah sak tunggaling putri tirinipun  ingkang nami kleting kuning.
Mbok rondo kleting sanget remen lan tresno kalian putri-putrinipun , ananging benten kalian kleting kuning, dados putri tiri piyambake sanget dibentenake katresnonipun. Kleting kuning didawuhi nyapu,ngresiki griya lan ugi nyambut dame ling sawah . sanget mrihatinake kleting kuning.
(keterangan: datanglah kleting kuning membawa sapu, menyapu dan mengepel lantai. Duduk di pojok ruangan. Tak lama datang mbok rondo mengawasi kleting kuning. Disusul sodaranya kelting merah,dan hijau berjalan menuju mbok rondo)

  • Mbok rondo Kleting           :     Anak-anakku  sing ayu-ayu…rene ndug
  • Kleting-kleting                  :     injih . Mbok…
  • Mbok rondo                      :     ngene ndug ana berita sing penting banget…
  • Kleting merah                   :     Berita apa to mbok… (dewasa)
  • Kleting Hijau                     :     iya mbok enten napa ta??(manja, mendekat sambil memegang tangan mbok rondo kleting)
  • Mbok rondo kleting            :     kowe ngerti ta… mbok rondo dadapan kui duwe anak sing bagus banget, jenenge ande-ande lumut.
  • Kleting-keleting                 :     Owh… ande-ande lumut…. Bagus!!!! Wahh gelem no….
  • Mbok rondo klenting          : iyo,, mbok rondo dadapan gawe saembara kanggo anake ande-ande lumut sing lagi goleki garwo pendampinge…
  • Klenting-klenting                 : wahh ,,,purun sanget bu….
  • (keterangan :kleting merah dan hijau bersama bergaya manja, centil)
  • Mbok rondo kleting            :     iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe gen dadi putri sing ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwone ande-ande lumut.
  • Kleting-kleting                  :     Iya mbok.. purun_purun…
  • Kleting merah                  : wahh mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu…
  • Kleting hijau                 : ora iso,,!!mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwone….
  • Kleting merah               : heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni aku dadi mbakyumu…!!!!
  • Mbok rondo kleting         :  wes-wes to!! Rasah padu..anak-anake mbok kan ayu-ayu,,rasah do udur…!!   Gek neng njero,,siap-siap dowan!!!
  • Kleting-kleting                  :injih  mbok….
  • (keterangan: kleting merah,hijau meninggalkan mbok rondo dan masuk kerumah)
  • Mboten dangu melih , kleting kuning ingkang saking wau mirengake pirembugan saderekipun , datengi mbok rondo lan dialog.
  • Kleting Kuning                  :     Mbok… kulo bade matur…
  • Mbok rondo kleting           :     Matur opo….? Apa kowe wes rampung nyapune ?
  • Kleting kuning                  :     Sampun mbok…, ngenten  mbok… kula inggih kepingin nglamar dados garwone ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting.
  • Mbok rondo kletling           :     Owh yow wes..rene tak dandani kowe .
  • (keterangan:  mbok rondo memberikan angus dan bau-bau tidak sedap kepada Kleting kuning)
  • Mbok rondo Kleting           :     yow wes sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo gone mbok neng kali kono.
  • (keterangan:  Mbok rondo mendorong Kleting kuning dengan kasar)
  • Kleting kuning                  :     Injih mbok…
  • (keterangan:  Kleting kuning meninggalkan mbok rondo dan menuju dapur)
  • Mbok rondo Kleting           :     Hahaha… muga-muga sing ditrima dadi garwone ande-ane lumut  yaiku salah sijine anak-anakku.. dudu kleting kuning.
(keterangan:  mbok rondo kleting tertawa terbahak-bahak, menuju kedalam rumah)
Kleting kuning nampi menapa ing ingkang dipun langkahi kanti sabar dipun dawuhake mbok rondo kleting ditampa kanti lemah manah .
(musik 5 : dirumah keluarga kleting-kleting <akhir>)

Bagian : 3
(Musik 6 :perjalanan menuju sungai,, suara ghaib <awal>)
Kleting kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut damel wonten lading. Mboten karaos sayah lan keluh kesah . sinaos piyambake dipun damel mboten sae kaliyan mbok rondo klenting. Naming piyambake ugi Gusti Allah ingkang ngertos sengkowo piyambake . piyambake ngajengaken Gusti Allah bade maringi ganjaran ingkang sae kangge piyambakipun.

  • Kleting Kuning             :   Duh… Gusti ngenten niki geangipun kula…mugi-mugi kula saget nampi kanti lemah manah.
  • (Musik 7 : suara ghaib <tengah>)
  • Suara Ghaib                :   Hai… cah wadon ayu.
  • Kleting kuning             :   Siapa kui…
  • Suara Ghaib                :   Kowe rasah wedi.. aku sifat sae sing ana ing njero awakmu. …
  • Kleting kuning             :   ameh ngapa kowe?..
  • Suara Ghaib                :   Aku arep menehi kowe pusaka… terimonen … mugo-mugo pusaka iki keguna karo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Terimonen cah ayu.
  • Kleting kuning              :   Injih matur nuwun..
(keterangan:  Kleting kuning meninggalkan sungai dengan membawa pusaka barunya).
(Musik 8 : suara ghaib <akhir>)

Bagian : 4
(musik 9 : Yuyu kangkang (awal)
Lan salah sawijining lepen ingkang toyonipun santer , wonten mriku yuyu kangkang gesang. Piyambake ingkang nguasani lepen menika . piyambakipun si yuyu kangkang ingkang julik.
(keterangan:  Yuyu kangkang sang penjaga sungai sedang mondar-mandir mengawasi jika ada orang datang).

  • Yuyu kangkang                 :   Hohohoho…. Godong waru ko bolong-bolong… bocah ayu ko moblong-moblong….Sapa kae sing teko??
  • (keterangan: kemudian datang Kleting Merah  dan hijau menuju pinggir sungai)
  • Kleting merah                   : Wah… kaline banjir…
  • Kleting hijau                     : Iya mbakyu… piye carane awake dewe nyebrang??
  • Kleting merah                   : kosek-kosek…….kae ono yuyu kang-kang to????
  • Kleting hijau                      : Wah… iya.. ayo jaluk tulung yuyu kang-kang wae mbakyu..
  • Kleting merah                   : Iya ……….Yuyu kangkang… yuyu kangkang…
  • Yuyu kangkang                  : Hahaha… ana apa cah ayu-ayu…
  • Kleting merah                    : Yuyu kangkang… aku jalik tulung kowe….tolong sebrangke lewat kali iki…
  • Yuyu kangkang                    : Wah…abot banget kui, tapi enek syarate cah ayu….enek imbalane
  • Kleting merah                      : imbalane apa to…kon mbayar ngango duit??  Wah kowe kui mata duitan…
  • Kleting hijau                        : yow wes lah yen duit gampang….mengko tak bayar..
  • Yuyu kangkang                    : dudu duit…aku rak doyan…. Hahaha
  • Kleting-kleting                     : Prett….
  • Yuyu kangkang            : Imbalane yaiku ngango tangamu..
  • Kleting merah              : apa tanganku???ameh bok kapakne??
  • Yuyu kangkang           : ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…
  • Kleting hijau               : ihhhhh,,,emohh ahh….gilani…
  • Kleting merah             : iyo,,apa renek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok ambungi??hiiiii
  • Yuyu kangkang           : yow wes yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalance nambah…
  • (keterangan: kleting merah dan hijau berembug)
  • Kleting merah             : yow wes,,,tapi neng tangan wae,,sedilit tok….
  • (keterangan: yuyu kangkang menyebrangkan kleting merah. dan hijau bergantian)
  • Yuyu kangkang            : Wah…  seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..
  • (keterangan:  datanglah kleting kuning akan menyebrang)
  • Yuyu Kangkang             :   Hohoho.. apa kui??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget.
  • Kleting Kuning               :   Wah… kok banjir to??pie carane aku iso nyebrang??
  • Wah kae enek yuyu kangkang,,yuyu kangkang merene.tolong sebrangne aku.
  • Yuyu kangkan                :   Hahaha… aku wegah
  • Kleting kuning                :   mengko tak keki duit…
  • Yuyu kangkang              :   aku wegah… wes kono lungo.. ojo rene meneh!!dasar wung wadon elek
  • Kleting Kuning               :   alah…kowe kok jahat to Yuyu kangkang…
  • (keterangan: Kleting kuning mengeluarkan biting)
  • Kleting kuning                :   Yow wes yen kui karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.
Dumadaan lepen menika asat , yuyu kangkang kacilakan lajeng kesah tebih. Sak lajengipun klenting kuning saget lumampah nyebrang lepen menuju griya mbok rondo dadapan , griyanipun si ande-ande lumut.
(Musik 10 : Yuyu kangkang mati)

Bagian 5
(Musik 11 : dirumah mbok rondo dadapan (awal) )
Salah sawijining dusun ingkang nami Dadapan , mbok rondo nembe nyapu griya , wonten ndalem mriku wau si ande-ande lumut nembe ngaji wonten salah sawijining surau . ngentosi gengantilaning manah ingkang dipun janjiaken Gusti Allah  kangge piyambake.
(keterangan: Mbok rondo sedang menyapu halaman rumah, tiba-tiba datang rombongan gadis-gadis cantik, kleting merah, biru dan hijau)

  • Kleting-kleting                    : Assalamu’alaikum…
  • Mbok rondo dadapan           : Wa’alaikumsalam, sapa ya…
  • Kleting merah                     : kula mbok…Kleting Merah
  • Kleting Hijau                       : kula kleting hijau mbok…
  • Mbok rondo dadapan           : wah.. ono cah wadon ayu-ayu arep ngopo iki??
  • Kleting-kleting                     : Kita arep nglamar Ande-ande lumut mbok…
  • Mbok rondo dadapan           : Owh.. arep nglamar ande-ande lumut… sek ya… tak omongne ande-ande lumut…
  • (keterangan:  mbok rondo menyanyikan lagu)
  • (Musik 12 : kleting merah)
  • Mbok rondo dadapan           : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting abang iku kang dadi asmane…
  • Ande-ande Lumut                    : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
  • Mbok rondo dadapan               : Wah… ora gelem ki nduk….
  • Kleting hijau                           : Cobi kulo mbok…
  • (Musik 14 : kleting ijo)
  • Mbok rondo dadapan                : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting ijo iku kang dadi asmane…
  • Ande-ande Lumut                      : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
  • Mbok rondo dadapan                   : wah… ora glem kabeh kae…
  • (Tidak lama kemudian, datanglah Kleting Kuning, dari kejauhan sudah tercium bau yang tidak enak, wajahnya coreng moreng karena debu.)
  • (keterangan : datanglah Kleting Kuning menuju mbok rondo)
  • Kleting kuning                           : Assalamu’alaikum…
  • Mbok rondo dadapan                  : wa’alaikumsalam… sopo iku ya…
  • Kleting kuning                           : kula Kleting kuning mbok… bade nglamar Ande-ande lumut.
  • Mbok rondo dadapan                  : Opo.. arep nglamar anakku??? Ora salah to…
  • Kleting merah                            : La iyo… rupamu elek ambumu rak enak.aku wae sing ayu ditolak kok sansoyo kowe??
  • Kleting Kuning                           : Di coba disik mbok…
(Musik 15 : kleting Kuning)
  • Mbok rondo dadapan                  : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi… putrine kang olo rupane.. kleting kuning iku kang dadi asmane…
  • Ande-ande Lumut                     : Aduh ibu… kulo inggih purun… dalem putro inggih bade medun, najan olo meniko kang putro… suwun.
  • Mbok rondo dadapan                : Lo… apa rasalah kowe le tole??
  • Ande-ande Lumut                     : mboten bu niki sampun dadi pilihane kula
  • (keterangan ; kleting-kleting kusak-kusuk)
  • Mbok rondo dadapan                : Owh.. yen kui pilihanmu karepmu le..ibu manut wae.
  • Ande-ande lumut                     : Ibu.. kula bade ngomong jujur setunggal hal
  •  Mok rondo dadapan                : Apa kui???
  • Ande-ande lumut                    : Ibu… sak jane iki kulo iku pangeran ingkang menggembara golek penggalaman urip.
  • Mbok rondo dadapan               : Apa… pangeran…???
  • Kleting-kleting                        : haa!!!!……???? Pangeran…???
(keterangan; kleting-kleting pingsan)
Pungkasane klenting kuning dados sisishanipun ande-ande lumut ,pasuryanipun ingkang awon ugi mambet dumadakake dados putrid ingkang ayu , sejatosipun piyambake inggih punika Putri Sekartaji . Lan ande-ande lumut sakmeniko dados Raja ngetosi kerajaan Ramanipun . pangeran ugi klenting kuning ,gesang slaras saklawase.

Sumber : lisa barbie (dari http://fortive.blogspot.com/2012/11/cerita-rakyat-ande-ande-lumut-dalam.htmli)

Misteri Gunung Bromo



Jaman biyen nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka kayangan, nalika kui kerajaan Majapait lagi kena serangan saka daerah-daerah. Wargane pada bingung golet panggonan kanggo ngungsi, pada wae karo para Dewa. Wektu kui Dewa mulai lunga marang sawijining panggonan, nang sekitare Gunung Bromo.


Gunung Bromo esih tenang, ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-dewa sing teka marang panggonan kui ing sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng Gunung Pananjakan. ing panggona kui bisa weruh Srengenge munggah seka wetan lan Srengenge sirep seka kulon. Sekitare Gunung Pananjakan, panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga panggona kanggo pertapa. Pertapa kui mau saben dina pahalane megur muja lan ngening cipta. Sawijine dina sing mbahagiakake, bojo kui lairake anak lanang.

Raine ganteng, cahyane terang. Mertandakake anak sing lair saka titisane jiwa sing suci. Wiwit lair anak kui keton sehat lan kuat sing luar biasa. Wiwit lair, anak Pertapa kui wis bisa ngetokake suara seru. Gegeman tangane seret banget, tendangan sikile uga kuat. Ora kaya anak lia umume, bayi kui diarani Joko Seger, sing artine sing sehat lan kuat.

Ing panggonan lia sekitare Gunung Pananjakan, wektu kui ana anak wadon lair saka titisan Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak sing paling ayu dewek ing panggonan kui. Wiwit dilairake, udu umume bayi lair, meneng ora nangis wektu
dilairake seka rahim beyunge. Merga kui, wongtuane ngarani bayi iku Rara Anteng.

Rara Anteng sengsaya dina sengsaya dadi anak remaja sing ayu. Garis-garis ayune metu jelas saka raine. Rara Anteng terkenal tekan daerah-daerah. Akeh putera raja pada nglamar Rara Anteng, nanging ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo Joko seger. Sawijining dina Rara anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat. bajak kui terkenal jahat banget. Rara Anteng terkenal alus atine ora wani nolak pelamar sekti kui. Merga kui Rara anteng njaluk supaya di gawekna segara ing tengah-tengahing gunung. Dikira penjalukan sing aneh supaya pelamar sekti mau ora bisa nyanggupi. Segara kui mau kudu di gawe ing sewengi, yaiku diwiwiti srengenge sirep tekane srengenge munggah. Disanggupi penjalukan Rara Anteng kui.

Bajak sekti mau mulai gawe segara nganggo batok saka krambil lan meh rampung. Weruh kenyataan sing kaya kui, atine Rara Anteng gelisah ora tenang. Kepriwe carane gagalaken lautan sing agi di gawe Bajak kui? Rara Anteng mikir nasibe, Rara Anteng ora bisa urip karo wong sing ora disenengi. Banjur Rara Anteng golet cara supaya bisa gagalaken usahane Bajak mau. Banjur Rara bisa nemu cara yaiku nutu pari ing tengah wengi. alon-alon suara alu nangekake jago sing pada turu. Kluruk jago saut-sautan, kaya fajar wis metu, nanging wargane durung nglakoni kegiatan esuk. Bajak rungu jago kluruk, nanging benang putih saka wetan urung metu. Berati fajar teka urung wektune. Mikir nasib siale, banjur batok sing dinggo kanggo gawe lautan mau di buang, gigal tengkurep nang jejere Gunung Bromo lan malih dadi gunung diarani gunung Batok.

Gagale Bajak gawe laut ing tengah-tengah gunung Bromo, ati Rara Anteng seneng banget. Rara Anteng nerusake hubungane karo Joko seger. Banjur Rara Anteng lan Joko Seger dadi pasangan sing bagya,amarga lorone pada senenge. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger gawe panggonan lan mimpin ing kawasan Tengger utawa Purbawasesa Mangkurat Ing Tengger, sing aweh pengerti “Panguasane

Tengger sing Budiman”. Aran Tengger di jimot saka akhire suku kata aran Rara Anteng lan Joko Seger. Tengger uga nduweni makna Tenggering Budi Luhur utawa menehi ngerti babagan moral sing duwur, simbul ketenangan sing abadi. Saka wektu meng wektu warga Tengger urip makmur lan dame, nanging panguasa ora ngrasa bagya. amarga wis suwe mbina umah tangga urung nduweni momongan. Banjur nduweni keputusan munggah meng pusuke gunung Bromo kanggo semedi nggudi percaya karo sing Kuasa supaya diwei momongan.

Ijig-ijig ana suara gaib sing ngomong semedine arep dikabulaken nanging kanggo syarat wis olih momongan, anak sing bungsu kudu dikorbanaken meng kawah gunung Bromo. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger nyanggupi banjur olih momongan 25 anak
lanang wadon, nanging naluri wong tua tetep ora tega enggane kelangan anakae. Carane Rara anteng lan Joko Seger ngingkari janjine, Dewa murka lan ngancem arep gawe malapetaka, banjur langit dadi peteng kawah gunung Bromo nyemburake geni.

Kesuma anak bungsune ilang nang geni lan mlebu meng kawah Bromo, banjur ana suara gaib :”Sedulur-sedulurku sing aku tresnani, aku wis dikorbanaken meng wong tuane dewek lan Hyang Widi nyelametake koe pada. Urip sing dame lan tentrem,
sembahen Hyang Widi. Aku elingaken supayane aben wulan Kasada ing dina ke-14 nganakake sesajen kanggo Hyang Widi ing kawah Bromo.

Upacara rutin kui dilakoni turun temurun marang warga Tengger lan aben taune dianakake upacara Kasada ing Poten lautan pasir lan kawah gunung Bromo.

sumber: http://www.beritaterhangat.net/2012/10/contoh-cerita-rakyat-dalam-bahasa-jawa.html