Araning anak kewan

ARANING ANAK KEWAN
 01. Anak asu arane Kirik
02. Anak banyak arane blegur
03. Anak baya arane krete utawa thengel
04. Anak babi arane gembluk utawa genjik (rada gedhe)
05. Anak bebek arane meri
06. Anak brati arane tongki/tongking/tongti
07. Anak bulus arane ketul
08. Anak cecak arane sawiyah
09. Anak celeng arane isih cilik : jagar ; rada gedhe : genjik
10. Anak dara arane piyik
11. Anak gajah arane bledug
12. Anak glatik arane cecekran
13. Anak kadhal arane tobil
14. Anak kakap arane pelak
15. Anak kethek arane kenyung utawa cenguk utawa munyuk
16. Anak kebo arane gudel
17. Anak kendhela arane senggutru
18. Anak kucing arane cemeng
19. Anak kodhok arane isih cilik: cebong ; rada gedhe : precil
20. Anak kutuk arane isih cilik: beyongan; rada gedhe: kocolan
21. Anak kidang arane kompreng
22. Anak jaran arane belo
23. Anak lele arane jabrisan
24. Anak lutung arane kowe
25. Anak lintah arane pacet ( ana sing negesi, pacet iku lintah dharat)
26. Anak macan arane gogor
27. Anak menthok arane minthi
28. Anak merak arane uncung
29. Anak sapi arane pedhet
30. Anak pelus arane sidhat
31. Anak tageh arane bekel
32. Anak tikus arane cindhil
33. Anak tuma arane kor (yen durung netes : lingsa)
34. Anak pitik arane kuthuk
35. Anak trewelu arane koyor
36. Anak warak arane plencing
37. Anak welut arane udhet
38. Anak urang arane mendres
39. Anak wedhus arane cempe
40. Anak yuyu arane beyes



dikutip dr: http://kosimk.blogspot.com/2011/10/basa-jawa-araning-kewan.html

No comments: