Basa Jawa madya

Basa Jawa Madya kuwi tataran jroning undha-usuk basa Jawa, sakdhuwuré tataran Basa Jawa Ngoko nanging sangisoré Basa Jawa Krama. Basa Jawa tataran Krama Madya iki dipérang dadi lima, yakuwi Madya Krama, Madyantara, Mudha Krama, Kramantara, lan Wredha Krama.

Bab lan Paragraf

 [delikna

[sunting] Madya Ngoko

Basa Madya Ngoko punika tembung-tembungipun saking basa Madya nanging dipuncampuri sawetawis tembung saking basa Ngoko ingkang mboten wonten tembung madyanipun. Basa punika taksih biasa dipun anggé déning tiyang dhusun utawi tiyang-tiyang pagunungan. Ciri-cirinipun:
  • Aku, dados kula
  • Kowé, dipunéwahi dados dika
  • Ater-ater tak- dipunéwahi dados kula
  • Ater-ater ko- dipunéwahi dadi dika
  • Ater-ater di- mboten éwah
Tuladha:
A: "Pundi woh-wohané sing becik-becik niku?"
B: "Niku napa kirang becik?"

[sunting] Madya Krama

Madya Krama iki biasa dianggo déning wong padésan marang wong liya sing dianggep luwih tuwa utawa kinurmatan. Ciri-ciriné antara liya:
  • Aku, diowahi dadi kula
  • Kowé, diowahi dadi sampéyan, samang
  • Ater-ater tak-, diowahi dadi kula
  • Ater-ater ko-, diowahi dadi samang, mang
  • Panambang -ku, diowahi dadi kula
  • Panambang -mu, diowahi dadi sampéyan, samang
  • Panambang -e tetep ora owah
Tuladha: (A migunakaké basa mdya ngoko, B migunakaké basa madya krama).
A: "É, Yu nggéndhong lurik, ndika mandheg sedhéla".
B: "Napa, ajeng tumbas?"
A: "Wong ngendheg nèk mboten ajeng tuku ajeng napa?"
B: "Engga ta mang milih. Dagangan kula saé-saé".

[sunting] Madyantara

Basa Jawa Madyantara iki tembung tembungé diwangun saka basa Madya Krama, ananging tembung-tembung sing ditujokaké marang wong sing diajak wicara diowahi dadi krama inggil. Tataran basa Madyantara iki biyèn dianggo déning priyayi cilik marang garwané, nanging saiki wis arang banget dianggo. Ciri-ciriné antara liya:
  • Aku, diowahi dadi kula
  • Kowé, diowahi dadi sampéyan utawa samang
  • Ater-ater tak-, diowahi dadi kula
  • Ater-ater ko-, diowahi dadi samang, mang
  • Ater-ater di-, tetep ora owah.
Tuladha; (A Ibuné B Kula)
A: "Wetonku tumbuk umur 33 taun, slametané apa wis kok pikir?"
B: "Rak siyos bénjing tanggal 7, wulan Rabingulakir ngajeng niki ta?"
A: "Iya".
B: "Saniki tanggal ping 27, taksih kirang 10 dalu".
A: "Rak ya wis cedhak".
 
dikutip dr: http://jv.wikipedia.org/wiki/Basa_Jawa_Madya

No comments: