Tembung

Tembung ing basa Indonesia diarani kata. Tembung iku swara lan campurane swara kang metu seka pocapan. Tembung uga nduwe teges gabungane aksara kang nduwe arti ing sawijining basa.

Jinis

Yen dideleng saka babagan widya tembung (morfologi), tembung kapérang dadi rong jinis:

[sunting]Aktif/pasif

Miturut aktif utawa orané tembung Jawa kapérang dadi loro:

[sunting]Miturut wewangunan tembung

Yèn disawang miturut wewangunané, Basa Jawa kuwi ana maneka warna tembung:

[sunting]Golongan

Miturut golongané tembung ana 10 werna[1] [2] [3], yakuwi:
Miturut kelas tembung:
  • Tembung kriya (Basa Indonésiakata kerja utawa verba), tuladha: maca, nulis, mangan, nyapu
  • Tembung aran (Basa Indonésia: kata benda utawa nomina), tuladha: méja, lemari, buku.
    • Tembung sesulih (Basa Indonésia: kata ganti utawa pronomina), tuladha: aku, kula, kowé, panjenengan, iki, iku
    • Tembung wilangan (Basa Indonésia: kata bilangan utawa numeralia), tuladha: setengah, papat, enem
  • Tembung sipat/kaanan (Basa Indonésia: kata sifat utawa adjektiva), tuladha: seneng, susah, apik, putih
  • Tembung katrangan (Basa Indonésia: kata keterangan utawa adverbia), tuladha: kulon, wétan, tengah, ngisor
Tembung tugas
  • Tembung pangarep (Basa Indonésia: kata depan utawa preposisi), tuladha: ing, sing, saka, menyang
  • Tembung panyambung (Basa Indonésia: kata sambung utawa konjungsi), tuladha: lan, sarta, wusana, mulané
  • Tembung panguwuh (Basa Indonésia: kata seru utawa interjeksi), tuladha: ah. èh, adhuh, wah
  • Tembung sandhangan (Basa Indonésia: kata sandang utawa artikel), tuladha: Sang, Raden, Hyang, Kyai
  • Tembung partikel (Basa Indonésia: partikel), tuladha: -kah, -lah, -pun dan -tah


No comments: