Tembung


Manut wujude Tembung ing Parama sastra Jawa kaperang dadi 3 (telung) wujud, yaiku :
1. Tembung Wod
yaiku tembung sakecap kang wis nduweni teges nanging durung sampurna, contone :
plung, lap, lur, byur, lsp.
2. Tembung Lingga
yaiku tembung kang isih wutuh utawa durung owah saka asale, contone :
sapi, kebo mulih, lunga, mangan, lsp.
3. Tembung Andhahan
yaiku tembung kang wis owah saka asale, contone : dipangan, mangana, dijawil, lsp. 
Dene owahing Tembung Lingga dadi Tembung Andhahan kuwi, bisa jalaran saka :
1. Ater-ater (Awalan) kayata : a, ma, dak, ko, di, sa, pa, pi, pra, tar, lan ka.
2. Seselan (Sisipan) kayata : el, er, um, lan in.
3. Panambang (Akhiran) kayata : i, an, en, ake (aken), ku, mu, lan e.
4. Camboran yaiku tembung loro kang digabung dadi siji saengga nuwuhake teges anyar.
Dene nurut wujude kaperang dadi :
1. Camboran Tugel, conto : dubang saka idu+abang, lunglit saka balung+kulit, lsp.
2 Camboran Wutuh, conto : tanem tuwuh, pabrik gula, lsp.
Dene nurut tegese kaperang dadi loro uga, yaiku :
1. Camboran Tunggal, conto : naga+sari dadi nagasari, semat+mendem dadi semarmendem, lsp.
2. Camboran Udhar, conto : bapa+biyung dadi bapa biyung, rina+wengi dadi rina wengi, pager+bata dadi pager bata, lsp.
5. Pangrangkep utawa tembung kang dirangkep, manut wujude kaperang dadi 3 uga, yaiku :
1. Dwi lingga yaiku tembung kang dumasi karana ngrangkep linggane, conto :
bocah-bocah, omah-omah, watu-watu, lsp.
2. Dwilingga Salin Swara, yaiku Dwilingga kang kadadeyan sarana ngowahi swara tembung ngarep utawa mburi. Conto : wira-wiri, kolang-kaling, gonjang-ganjing, lsp.
3. Dwipurwa yaiku dwilingga kang dumadi saka tembung kang dirangkep wanda wiwitane, Conto : lilima, tutuku, lelara, leluhur, lsp
4. Dwiwasana yaiku dwilingga kang dumadi saka tembung kang dirangkep wanda wekasane. Conto : cengenges, jegagig, jedhodhog, cengingis, lsp

No comments: