Ukara tanggap lan ukara tanduk


Ukara Tanggap lan Ukara Tanduk

Ukara tanduk yaiku ukara sing jejere (Subyek) nglakoake pakaryan
Tuladha :
-    Ibu tindak dhateng peken
-     Bapak maos koran
-     Eyang nembe sare
-     Adhik mangan roti

2. Ukara tanggap yaiku ukara sing jejere(subyek) dikenani pakaryan
Tuladha :         
–    Lombok dipethik simbah
-     Roti dipangan adik
-     Pelem dijupuk Parjo
-     Kopi diunjuk Pakdhe

Tegese tembung:
Jejer yaiku: samubarang kang dianggep duwe adeg dhewe sarta dadi bakuning gunem utawa carita. Lumrahe awujud tembung aran, sarta dadi wangsulane pitakon:
    Apa sing ...?
    Sapa sing...?

Wasésa yaiku: samubarang kang dadi caritane jejer. Lumrahe awujud tembung kriya. Ananging ana uga kang awujud tembung: aran, kaanan, sesulih, wilangan, lan sapanunggalané. Sarta dadi wangsulan saka pitakon:
    kepriyé...?
    ngapa...?

Lésan yaiku: samubarang kang dadi watesaning wasesa, utawa kang nerangake wasesa. Lesan, kapilah dadi papat, yaiku:
    lesan panindak
    lesan panandang
    lesan panyabab
    lesan panampa


No comments: