MACA CEPET



  1. Caranipun maca cepet
Maca cepet ingkang dipun wastani kasil menawi saben menit sampun saged pikantuk 250 tembung, menawi dereng saged kedah dipun wangsuli malih kanthi cara :
  1. Maca jroning batin, konsentrasi
  2. Suwanten lembut cekap kapireng piyambak
  3. Ampun ngginakaken tuding utawa driji
  4. Ampun ngobahaken sirah,mripat tumuju wonten wacan
  5. Ampun wangsuli tembung ingkang sampun kawaos
  6. Ampun dipun eja aksaranipun
Ketrampilan dasar maca
  1. Ketrampilan nguaosi mripat
  2. Ketrampilan nguaosi tembung, frasa
  3. Ketrampilan nguaosi tembung kunci.
Cara maca ingkang saged cepet angsal informasi
a. Cara Skimming : Cara maos kangge madosi bab – bab ingkang wigati kanthi cepet.
Tuladhanipun : Madosi pokok permasalahan, pemanggih tiyang utawi ingkang wigati kanthi boten maos sedaya.
b. Cara Scanning : Cara maos kangge madosi kabar informasi ingkang sampun dipun betahaken. Caranipun cekap dipun waos bagian ingkang dipun padosi kemawon.
Tuladhanipun : Madosi nomor telpon wonten buku telpon, madosi tembung ing kamus, madosi nomer indeks lan sanensipun. 



No comments: