Geguritan (apresiasi)


Geguritan kalebu jinis puisi Jawa Modern.
Puisi jawa sing arupa tembang kaikat dening sawenehing paugeran/pathokan. Pathokan-pathokan kang ana sajroning tembang kaya sing katulis ing ngisor iki.
a)      Guru gatra tegese cacahing gatra (baris/larik) saben satunggal pada (bait/pupuh).
b)      Guru wilangan tegese cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
c)      Guru lagu / dhong-dhing tegese tibaning swara vokal ana ing pungkasaing gatra.
         •Geguritan utawa geguritan bisa dianggo kanthi tujuan nyindir / nyemoni kahanan masyarakat wektu kuwi. Kajaba saka kuwi uga nduweni unsur pendidikan. Geguritan nduweni gatra kang ora tetep. Umume (biyen) gatrane kedadeyan saka wolung wanda, uga diwenehi ukara ing gatra kapisan sing unine “Sun gegurit”.
        •Geguritan saiki wisbeda, ngalami owah-owahan. Geguritan padaha karo puisi bebas sing ora kaiket dening cacahing baris saben bait, cacahing wanda saben gatra, uga ora kudu ana tembang “sun gegurit”, lan ora kudu bab ngandhut unsur pendidikan.
        •Tema kanggo geguritan iki warna-warna kayata; moral, lingkungan, katresnan, masalah sosial, lan liya-liyane.
           Geguritan kuwi rinipta minangka wujud saka wedharan gagasan/rasa pangrasa pangripta.
Ana patang babagan kang kudu dimangerteni menawa arep maca geguritan, yaiku analisis situasi lan pamireng, milih geguritan, mbedah geguritan, lan latihan / gladhen.
1)      Analisis situasi lan pamireng
          Tegese kanggo mangerteni kondhisi wektu arep maca puisi. Ana ngendi papane, bengi apa awan, ning jaba apa njero ruangan, piye situasine (sedhih, gumbira, serius), pamirang umure pira, agama, pendhidhikan lsp.
2)      Milih geguritan
Ana babagan kang bisa dadi tetimbangan nalika milih geguritan
Sifate transparan / lugas
Melodiusenak rima lan iramane
Isine geguritan diselarasake klawan situasi
teaterikal
3)      Mbedhah geguritan
Tegese naliti tuntas isining geguritan

dikutip dr berbagai sumber

No comments: