Basa ngoko


Basa Jawa Ngoko

Basa Jawa Ngoko inggih punika pérangan Basa Jawi kanggé tutur-tinutur sesami kalih sesami. Basa Jawi tataran ngoko piyambak dipun pérang malih dados pinten-pinten tataran, inggih punika ing antawisipun:

Bab lan Paragraf

  [delikna

[sunting]Ngoko Lugu

Basa ngoko punika minangka tataran basa ingkang paling asor ing undha usuk basa Jawa. Ginanipun kanggé wicara ing antawisipun:
  • Tiyang sepuh dhumateng laré enem
  • Tiyang ingkang sadrajad utawi sampun raket sesrawunganipun
  • Tiyang pangkat inggil dhumateng pegawénipun
  • Laré alit lan reréncanganipun
  • Ngunandika (wicara piyambakan)
Tuladha: B = Bapa A = Anak
B: "Lho, kowé Di. Wayah apa tekamu? Rak ya padha slamet ta?" (Basa Ngoko Lugu)
A: "Pangèstunipun Bapak, wilujeng. Kalawau énjing jam 9 anggèn kula dumugi ngriki". (Basa Krama)

[sunting]Ngoko Andhap

Ngoko Andhap dipun pigunakaken déning sinten kémawon ingkang sampun raket, nanging taksih silih ngurmati. Ngoko Andhap dipunpérang dados kalih, inggih punika Antya Basa lan Basa Antya. Ngantos sapriki Ngoko Andhap Antya Basa taksih biasa dipunanggé lan prayoginipun dipunlestarèkaké. Déné Ngoko Andhap Basa Antya sampun awis-awis sanget kaanggé, malah sampun dipunanggep sirna.

[sunting]Antya Basa

Ngoko Andhap Antya Basa punika tembung-tembung ngoko dipuncampur nganggé tembung krama inggil kanggé nedahaken raos ngurmati. Ciri-cirinipun:
  • Aku, tetep mboten éwah
  • Kowé, kanggé tiyang ingkang dipunkurmati dipunowahi dados panjenenganmu, ki raka, kangmas.
  • Ater-ater dak-, ko-, di- lan panambang -ku, -mu, -é, -aké mboten éwah. Tuladha:
A "Ora, kangmas ki suwé ora ngetingal-ngetingal iku tindak ngendi?"
B; "Wah, adhimas ki rada ngécé. Genah wis pirsa baé kok mundhut pirsa. Prèèn-prèèn mesthi baé nanjakaké prèèné. Yaiku menyang Jakarta".

[sunting]Basa Antya

Basa Antya dipunwangun saking basa Ngoko dipuncampur nganggé tembung-tembung Basa Jawa Krama lan Krama Inggil. Ciri-cirinipun:
  • Aku, tetep mboten éwah
  • Kowé, sami kaliyan Antya basa, dipunéwahi dados panjenenganmu, ki, raka, kangmas, sliramu, keng slira, adhi, adhimas
  • Ater-ater dak-, ko-, di- , mboten éwah
Tuladha: "Dak arani sliramu dhèk mau bengi saèstu mriksani ringgit ana ing dalemé Pak Lurah. Gèk lampahé baé apa ya dhimas, teka gamelané sedalu natas ngungkung baé, ora ana pedhot-pedhoté".


No comments: