Basa krama


Basa Jawa Krama

Basa Jawa Krama kuwi tataran paling dhuwur jroning undha-usuk Basa Jawa.

Bab lan Paragraf

  [delikna

[sunting]Krama Lugu

[sunting]Krama Inggil

Basa Krama Inggil kuwi tembungé nganggo krama dicampur tembung krama inggil tumrap sing diajak wicara. Basa Jawa Krama biasa dianggo wicara antarané priyayi cilik marang priyayi gedhé, wong anom marang wong sing luwih tuwa. Ciri-ciri utama:
  • Aku diowahi dadi kawula, abdidalem kawula utawa dalem waé
  • Kowé diowahi dadi panjenengan dalem utawa dicekak nandalem waé

[sunting]Mudha Krama

Basa Mudha Krama iki basa sing luwes banget kanggo sok sapa waé. Wong sing diajak wicara dikurmati, déné sing ngajak wicara mapanaké dhiri pribadi ana ing tataran sangisoré. Biasané dianggo déning para mudha marang wong sing luwih tuwa. Ciri-ciriné antara liya:
  • Aku, diowahi dadi kula
  • Kowé, diowahi dadi panjenengan, sampéyan, panjenenganipun kangmas, panjenenganipun ibu lsp.
  • Ater-ater dak-, diowahi dadi kula
  • Ater-ater ko-, diowahi dadi dipun
  • Panambang -ku, diowahi dadi kula
  • Panambang -mu, diowahi dadi panjenengan, sampéyan
  • Panambang -é, diowahi dadi -ipun
  • Panambang -aké, diowahi dadi aken
Tuladha:
A: "Bapak, punika wonten tamu. Sajakipun priyantun tebih".
B: "Ana tamu. Aturana lenggah dhisik. Tak salin sedhéla".
B: "É déné kowé, tak arani dhayoh saka ngendi".
C: "Inggih, temtunipun damel kagèt panjenenganipun bapak sekaliyan. Tiyang kula, mboten ngaturi serat rumiyin".

[sunting]Krama Desa

Basa Krama Desa migunakaké tembung basa krama dicampur tembung krama desa. Ciri-ciri utama:
  • Aku diowahi dadi kula
  • Kowé diowahi dadi sampéyan
  • Ater-ater dak- diowahi dadi kula
  • Ater-ater ko- diowahi dadi sampéyan
  • Ater-ater di- diowahi dadi dipun

[sunting]Kramantara

Kramantara kuwi kabèh tembung-tembungé saka basa krama ora dicampur karo krama inggil. Biasa dipigunakaké déning wong tuwa marang wong sing luwih anom, dideleng saka umurutawa kalungguhané. Ananging dina iki tataran basa Kramantara iki wis ora biasa dianggo, senadyan tumrap sing luwih anom lan luwih dhuwur kalungguhané ora kabotan nganggo tataran basa Mudha Krama. Ciri-ciriné:
  • Aku, diowahi dadi kula
  • Kowé, diowahi dadi sampéyan
  • Ater-ater dak-, diowahi dadi kula
  • Ater-ater di-, diowahi dadi dipun-
  • Panambang -ku, diowahi dadi kula
  • Panambang -mu, diowahi dadi sampéyan
  • Panambang -é, diowahi dadi ipun
  • Panambang -aké, diowahi dadi aken
Tuladha A nganggo basa Kramantara B nganggo basa Mudha Krama
A: "Dhateng kula punika manawi pun adhi suka, kula nedha nyambut gadhahan sampéyan gangsa klenèngan".
B: "Kagem ing damel punapa teka kadingarèn mawi mundhut klenèngan".
A: "Anu, keng mbakyu nyetauni putu, kemaruk sampun lungsé saweg gadhah putu sapunika".
B: "Ingkang kapundhut sléndro punapa pélog?"
B: "Kalih pisan kémawon, mangké yèn namung salah satunggal mindhak damel cuwaning tamu"

[sunting]Wredha Krama

Wredha Krama kuwi mèh padha karo Kramantara, padha-padha ora dicampur nganggo tembung krama inggil, bédané ana ing ater-ater di-, panambang -é, lan panambang -aké.
  • Ater-ater di- ing tataran Kramantara diowahi dadi dipun-, nanging ing Wedha Krama tetep ora owah.
  • Panambang -é, ing basa Kramantara diowahi dadi ipun, déné ing Wredha Krama tetep ora owah.
  • Panambang -aké ing basa Kramantara dadi aken, déné ing Wredha Krama tetep ora owah.
  • Tembung aku, kowé, ater-ater dak-, ko-, padha karo ing tataran Kramantara.
Tataran Wedha Krama iki uga wis arang dianggo, umué luwih milih Mudha Krama.
Tuladha: A nganggo basa Wredha Krama B nganggo basa Mudha Krama
A: "Pinten lélangané kapal kalih punika?"
B: "Kula nun, kawan belah, dèrèng presèn tuwin wragading lampah".
A: "Dados mboten kirang kawan atus resiké?"
B: "Manawi".
A: "Punapa mulus mboten wonten ciriné?"
B: "Ingkang satunggal mulus, satunggalipun ciri suduk".
A: "Inggilé punapa jangkep kawan kaki?"
B: "Namung kirang sadim".
dikutip dr: http://jv.wikipedia.org/wiki/Basa_Jawa_Krama

No comments: