Rura basa Jawa


Rura Basa

Rura utawa rurah tegese rusak.
Rura basa tegese basa rusak. Nanging senajan rusak yen dibenerake malah dadi ora lumrah. Contone : nggodhog wedang. Sabenere nggodhog banyu kanggo gawe wedang. Nanging yen dibenerake dadi nggodhog banyu malah ora lumrah. Mula sanajan salah nanging kaprah, banjur dianggep bener.

Conto liyane :
1. Menek klapa.
2. Nguleg sambel
3. Ndheplok glepung.
4. Mikul dhawet.
5. Ndondomi clana.
6. Ndheplok gethuk.
7. Mbathik iket.
8. Ngenam klasa.
9. Mbunteli tempe.
10. Adang sega.
11. Nutu beras.

dikutip dr:http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/2008/10/rura-basa.html

No comments: