PARIBASAN


PARIBASAN
1.  A
a.  Adigang, adigung, adiguna: wong sing ngendelake kekuwatan, kaluhuran, lan kapinterane
b.  Anak polah bapa kepradah: wong tuwa nemu reribet amarga saka polahe anak
c.   Asu belang kalung uwang: wong asor nanging sugih
d.  Ana catur mungkur: ora gelem ngrungokake rerasan sing ora becik
B
a.  Bathok bolu isi madu: wong asor nanging sugih kapinteran
b.  Becik ketitik ala ketara: becik ala bakal ketara tembe mburine
c.   Mburu uceng kelangan dhelek: mburu barang sepele kelangan barang kang aji
C
a.  Cebol nggayuh lintang: duwe kekarepan kang mokal bakal kelakon
b.  Ciri wanci lelai ginawa mati: pakulinan ala ilange menawa wis mati
c.   Criwis cawis: akeh alesan nanging gelem nindakake
D
a.  Desa mawa cara negara mawa tata: saben panggonan duwe cara/adat dhewe-dhewe
b.  Dipalangana mlumpat ditalenana medhot: wong kang kenceng kekarepane
c.   Durung pecus keselak besus: durung sembada nanging kepengen sing ora-ora
E.
a. Eman-eman ora keduman:
   rekane welas nanging malah rugi
b. endhas pethak ketiban empyak:
   nemahi kesusahan bola-bali
G
a.  Gagak nganggo lare merak:
Wong asor duwe tumindak kaya wong luhur
b.  Gajah ngidak rapah:
Wong kang nrajang wewalere dewe
I
a.  Idu didilat maneh:
Njabel gunem sing wis kawetu, murungake janji sing wis diucapake
b.  Iwak klebu ing wuwu:
Kena apus sarana gampang banget
J
a.  Jujul muwul:
Perkara sing nambah-nambahi rekasa
b.  Jer basuki mawa beya:
Kabeh gegayuhan biasane butuhake beaya
K
a.  Kaya banyu karo lenga: ora bisa rukun
b.  Kakehan gludhug kurang udan:
Kakehan omong kurang bukti
L
a.  Lanang kemangi: wong lanang sing jireh
b.  Legan golek momongan: wong sing kepenak malah golek rekasa
M
a.  Mikul dhuwur mendhem jero: njunjung drajate wong tuwa
b.  Merangi tatal: mentahake rembug sing wis dadi
N
a.     Nambong laku : ethok-ethok ora ngerti
b.     Nyolong pethek: ora dinyana-nyana

O
a.  Othak-athik didudut angel: rembuge katon kepenak, nanging bareng ditenani angel
b.  Ora ana banyu mili mendhuwur;
Watake anak mesthi niru wong tuwane
P
a.  Pandhitaning antake: laire suci nanging batine reget
b.  Pager mangan tanduran; dipertcaya nanging ngrusak
R
a.  Rindhik asu digitik:
Dikongkon nglakoni gaweyan kang dikarepake
b.  Rawe-rawe rantas malang-malang putung:
 Kabeh kang ngalang-alangi, disingkirake
S
a.  Sapa salah seleh: sapa sing salah bakal kalah
b.  Sluman-slumun slamet: tindak-tanduke tansah ngati-ati
T
a.  Tut wuri handayani: menehi kalonggaran lan pepeling kang becik
b.   


No comments: