Kerata basa

Kerata Basa

Kerata basa yaiku negesi tembung kapirid saka wandane( mengartikan kata dilihat dari suku katanya).

Tuladhane :

Gelas : yen tugel ora kena dilas. Teges salugune gelas yaiku barang / piranti kanggo ngombe sing bakale saka beling (glass). Gelas uga nduweni teges kaca utawa beling bae.

Tuladha liyane :
1. Piring = sepine yen miring.
2. Tebu = antebing kalbu.
3. Cengkir = kencenging pikir.
4. Gedhang = digeged bubar (lebar) madhang.
5. Kupluk = Kaku nyempluk.
6. Kaji = tekade mung siji.
7. Maling = Njupuk ngamale wong sing ora eling.
8. Sopir = yen ngaso banjur mampir.
9. Sekuter = sedheku nanging banter.
10. Krikil = keri ing sikil.
11. Suruh = kesusu weruh.
12. Wedang = ngawe kadang.
13. Tuwa = ngenteni metune nyawa.
14. Sruwal = saru yen uwal.
15. Kotang = sikute diutang.
16. Kuping = kaku njepiping.
17. Sindur = isin yen mundur.
18. Simah = isine omah.
19. Guru = digugu lan ditiru.
20. Ukir = ukurane pikir.
21. Bocah = mangane kaya kebo pegaweyane ora kecacah.
22. Prawan = yen pepara (dolan) wayah awan.
23. Kursi = yen diungkurake banjur isi.
24. Andhong = anake supaya gelis nggendhong.
25. Setir = senajan singset tetep bisa muntir.
26. Garbu = yen ora mbegar ora bisa mlebu.
27. Mantu = dieman-eman meksa metu.
28. Kathok = diangkat baka sithok.
29. Ruji = diruru siji-siji.
30. Buta = kalbu sing ora ditata.

dikutip dr: http://nguripuripbasajawa.blogspot.com/2008/10/kerata-basa.html

No comments: