Tembung entar

Tembung Éntar yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan).Utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe baé sinebut uga ing basa Indonesia tembang silihan (kiasan). Ing basa walandané yaiku Figuurlijke betekenis
Tuladhané:
  • Abang-abang lambé: Ora tenanan/ora serius
  • Abang rainé: Nandhang isin
  • Abang kupingé: Kesuh/nesu banget
  • Adus kringet: Nyambut gawé abot banget
  • Adol kringet: Nyambut gawé
  • Ala jenengé: Ora iso dipercoyo
  • Bening ati: Sumèh
  • Cagak urip: Nggo nyukupi kabutuhan urip
  • Dawa tangané, tegesé clemer, seneng nyolong.
  • Dawa ususe tegesé sabar.
  • Jembar segarané, tegesé seneng ngapura kasalahané liyan.
  • Kuat isin: Ora tau isin
  • Ora duwé ati: Wong sing tega
  • Lunyu ilaté, tegesé mencla-ménclé.
  • Wani mati: Kendel banget/rada nekad
  • Weteng karèt: Akèh mangané
dikutip dr: http://jv.wikipedia.org/wiki/Tembung_%C3%A8ntar

No comments: