paramasastra

Paramasastra iku ngelmu tata basa lan sastra, utamane basa Jawa. Wis akeh kitab kang nganggo irah-irahan "Paramasastra" kang dianggit dening sawetara pujangga. Tembung iki dijupuk seka parama (tata basa) lan sastra. Tata basa Jawa akeh njupuk seka Sansekerta. Tata basa iki katurunake maneh dening Panini. Ing jaman Jawa anyar, Ranggawarsita uga gawe Serat Paramasastra Jawi kang umume digunaake saiki.

Bab lan Paragraf

 [delikna

[sunting] Konsèpsi dhasar

Tata pikir wong Jawa wiwit jaman biyèn wis ngenali anané "cipta-rasa-karsa". Dhèskripsi filsafat bab basa dumadi saka tataran "madubasa-madurasa-madubrata" sing nyakup "purwa-madya-wasana". Madubasa, kuwi kawruh bab sopan-santun lan adat-istiadat nalika migunakaké basa. Madurasa, kuwi ngenani tepasalira, tepa-tepi, unggah-ungguh, éguh-tangguh, tuju-panuju, empan-papan, kala-mangsa lan duga-prayoga. Déné madubrata, ngenani bab éling lan waspada, nawung kridha lan pangastuti.[1]

[sunting] Struktur basa

Minangka alat komunikasi, stuktur basa Jawa katata jroning aksara lan tembung sing karangké dadi ukara, kanthi migatèkaké paugeran kang gumathok miturut konsèpsi dhasar ing dhuwur. Kanggo milah struktur basa kanthi luwih jero dipigunakaké sawetara èlmu sing tansah dipatrapaké nalika nyinau basa, yakuwi antara liya:

[sunting] Undha-usuk basa

Nalika cecaturan nganggo basa Jawa, ora mung kudu migatèkaké kaidah basa, nanging uga kudu miturut unggah-ungguhing basa, yakuwi kudu ngetrapaké tataran basa sing cocog marang wong sing diajak wicara. Marang sepadha-padha utawa kanca saumuran, bisa dianggo tataran basa ngoko. Nanging marang wong sing luwih tuwa utawa kinurmatan, kudu nganggo tataran basa krama.



dikutip dr: http://jv.wikipedia.org/wiki/Paramasastra

No comments: