Wara-wara

Wara-wara iku pocapan utawa tulisan sing isi pepènget utawa awèh weruh arupa pangumuman marang wong akèh. Wara-wara biasané dikarepaké kanggo mènèhi weruh bab kahanan sing wigati, nanging uga bisa kanggo iklan utawa golèk tenaga kanggo nyambut gawé.

[sunting] Perangane Wara-Wara

1. Judul/Irah-irahan
2. Adangiyah/salam taklim
3. Bebuka/Pambuka
4. Surasa Basa/ Isi
5. Wasana Basa/ Panutup
6. Panggenan lan titi mangsa
7. Peprenah/jabatan
8. Tapak Asma
9. Asma Terang
WARA-WARA
assalamu'alikum wr.wb
Siswa kelas X, XI, lan XII kang tansah daktresnani, Sesambetan kaliyan pengetan dinten Pindhidhikan NAsional, pramila para siswa kelas X, XI, lan XII supados nyiagaken kelasipun piyambak-piyambak kangge lomba karesikan tuwin kaendahaning kelas.

Awit saking punika, benjing
dinten : selasa,
surya  : 11 oktober 2011
para siswa supados mbekta pirantos kangge gotong-royong damel asri kelasipun piyambak-piyambak.

Mekaten, wara-wara punika. Sageda dipun leksanakaken kanthi saestu.
Boyolali,11 oktober 2011 Waka Humas,
ttd
Kasman dimejo

Para siswa kang tansah daktresnani,
Sesambetan kaliyan pengetan dinten Kamardhikan kaping 65 Republik Indonesia, OSIS SMK bina patria 1 sukoharjo badhe dherek-dherek ngrameaken.
Awit saking punika, OSIS ngawontenaken kagiyatan Lomba Maca lan Nulis Geguritan ingkang badhe kalaksanaaken benjing:
dinten : Setu-Minggu
surya : 15-16 juni 2010 tabuh : 08.00 dumugi paripurna
papan : SMK BINA PATRIA 1 SUKOHARJO
Pramila, para siswa ingkang badhe dherek lomba supados daftar ing sekretariat OSIS kaliyan Sdr. Danu setiawan utawi Sdr. Danang Mekaten wara-wara punika, sageda dipun leksanakaken kanthi saestu. Matur nuwun.
Sukoharjo, 2 Agustus 2010

dikutip dr: http://jv.wikipedia.org/wiki/Wara-Wara

No comments: