Pacelathon (tuladha)


Bu Guru : “ir,kapan nggonmu maju lomba maca geguritan ?”

Ira : “Mbenjing Kamis, tigang dinten malih.”

Bu Guru : “Kowe apa wis latihan?”

Ira : “Sampun, Bu. Kirang sepisan malih.”

Bu Guru : “Sing nglatih apa sih Bu Endang guru kelas enem.”

Ira :“Inggih. Bu Endang punika menawi nglatih tlatos sanget. Kejawi punika menawi paring tuladha maos geguritan sae sanget.”

Bu Guru : “Iya.Wiwit dhek sekolah biyen Bu Endang iku wis kerep dadi juara 1 maca geguritan.

Ira : “Punapa Panjenengan rumiyin kancanipun Bu Endang ?"

Bu Guru : “Iya.Mula aku ngerti."

Ira : “Kula Kepengin kados Bu Endang punika."

Bu Guru :“Iya.Tak dongakne bisa kelakon karepmu. Wiwit saiki latihan sing luweh sregep maneh."

Ira : “Inggih Bu. Matur nuwun." 



No comments: