Sebutane bocah



  1. Ontang – anting : anak siji lanang <> anak tunggal laki-laki
  2. Unting – unting : anak siji wadon <> anak tunggal perempuan
  3. Uger – uger lawang : anak loro lanang kabeh <> anak dua laki2 semua
  4. Kembang sepasang : anak loro wadong kabeh <> anak dua perempuan semua
  5. Cukit dulit : anak telu lanang kabeh <> anak tiga laki2 semua
  6. Gotong mayit : anak telu wadon kabeh <> anak tiga perempuan semua
  7. Saramba : anak papat lanang kabeh <> anak empat laki2 semua
  8. Sarimpi : anak papat wadon kabeh <> anak empat perempuan semua
  9. Pandhawa : anak limo lanang kabeh <> anak lima laki2 semua
  10. Pancagati : anak limo wadon kabeh <> anak lima perempuan semua
  11. Kendhana – kendhini : anak loro lanang wadon <> anak dua laki2 perempuan
  12. Kendhini – kendhana : anak loro wadon lanang <> anak dua perempuan laki2
  13. Sendhang kapit pancuran : anak telu, lanang – wadon – lanang <> anak tiga perempuan di tengah
  14. Pancuran kapit sendhang : anak telu, wadon-lanang-wadon <> anak tiga laki2 ditengah
  15. Keblat papat : anak papat lanang wadon <> anak empat laki2 perempuan
  16. Sepasar : anak lima lanang wadon <> anak lima laki2 perempuan
  17. Padangan : anak lima wadon siji <> anak lima perempuan Satu
  18. Ipil-ipil ( pipilan ) : anak lima lanang siji <> anak lima laki2 satu
  19. Pandhawa nyandhangi : anak enem wadon siji wuragil <> anak enam perempuan terakhir
  20. Kembar : anak loro lair bareng <> anak dua lahir bersamaan
  21. Kembar gantung : bocah kembar laire let sedina <> anak kembar lahir selang satu hari
  22. Dhampit : anak loro lanang wadon laire bareng <> anak dua laki2 perempuan lahir bersamaan
  23. Gilir kacang : anake akeh giliran lanang wadon <> anak banyak bergilir laki2 perempuan
  24. Lumpat kidang : anake akeh ora giliran lanang wadoh <> anak banyak tidak bergilir laki2 perempuan
  25. Gendhong : anak wadon akeh seng tengah anak lanang <> anak perempuan banyak yang tengah anak laki2
  26. Pathok : anak lanang akeh seng tengah wadon <> anak laki2 banyak yang tengah perempuan
  27. Grandhel : anak lanang pirang – pirang, seng wuragil wadon, utawa anak wadon pirang-pirang seng wuragil lanang <> anak banyak yang terakhir perempuan atau laki2
  28. Sumarak : anak akeh seng lanang luwih akeh <> anak banyak yang laki2 lebih banyak
  29. Anggana : anak akeh seng urip gari siji <> anak banyak yang hidup tinggal Saturday
  30. Cemani : anak ireng mulus <> anak hitam mulus
  31. Wungle, bule : anak putih mulus <> anak putih mulus
  32. Gondhang kasih : anak loro beda pakulitane, ono seng ireng ana seng putih <> anak dua beda warna kulitnya, anak yang putih ada yang hitam
  33. Pambarep : anak sing nomer siji <> anak yang nomer satu
  34. Panggulu : anak sing nomer loro <> anak yang nomer dua
  35. Pandhadha : anak sing nomer telu <> anak yang nomer tiga
  36. Sumendhi : kakang wuragil <> kakak anak terakhir
  37. Wuragil, waruju : anak seng keri dhewe <> anak yang terakhir sendiri
  38. Panenggak : anak nomer loro seko lima cacahe anak <> anak yang nomer dua dari lima bersaudara
  39. Panengah : anak nomer telu seko lima cacahe anak <> anak yang nomer tiga dari lima bersaudara
  40. Lola ( yatim piatu ) : bocah seng ditinggal wong tuwane <> anak yang orang tuanya sudah tiada
  41. Yatim : bocah lair wis ora menangi bapake <> anak yang lahir sudah tidak mempunyai ayah
  42. Lola bapa ( biyung ) : bocah seng wes ora nduwe bapak utawa ibu <> anak yang sudah tidak mempunyai salah satu dari bapak/ibu
  43. Konduran : bocah lair slamet nanging ibune seda <> anak yang lahir selamat tapi ibunya meninggal
  44. Sumala : bocah sing cacat wiwit lair <> anak yang cacat dari lahir
  45. Thok thing : bocah sing lair kanthi sirah cilik <> anak yang lahir dengan kepala kecil
  46. Julung kembang : bocah sing lahir nalika srengenge mletek <> anak yang lahir ketika matahari terbit
  47. Julung sungsang : bocah sing lahir nalika bedug awan <> anak yang lahir ketiga waktu tengah hari / waktu dzuhur
  48. Julung sarab/surup : bocah sing lahir nalika ngarepake surup <> anak yang lahir ketika matahari akan tenggelam
  49. Julung caplok : bocah sing lahir nalika surup <> anak yang lahir ketika matahari tenggelam
  50. Margana : bocah sing lahir nalika ibune lelungan <> anak yang lahir ketika ibunya sedang dalam bepergian
  51. Wuyungan : bocah sing lahir nalika perang <> anak yang lahir ketika perang
  52. Wahana : bocah seng lahir nalika ibune ana pasamuan <> anak yang lahir ketika ibunya sedang dalam acara pertemuan
  53. Jempina : bocah seng lahir durung wayahe <> anak yang lahir belum saatnya
  54. Tiba sampir : bocah sing lahir kalung usus <> anak yang lahir dengan posisi usus melingkar di leher
  55. Tiba ungker : bocah sing lahir ususe nggubed gulu <> anak yang lahir dengan usus yang menjerat di leher
  56. Wungkul : bocah sing lahir tanpa ari-ari <> anak yang lahir tanpa ari-ari

dikutipn dr: http://kidemangsodron78.wordpress.com/2012/05/13/sebutan-bocah/

No comments: