TANGGAP WACANA MENGETI DINTEN KAMARDIKAN



Assalamualaikun Wr. Wb.
  • Bapak Kepala Desa saha perangkat ipun ingkang kawula hormati
  • Bapak Kepala Dusun, Ketua RT, Ketua RW saha para undangan ingkang minulya
Saderengipun mangga kita sareng-sareng muji syukur ing ngarsanipunGusti ingkang maha agung ingkang sampun paringi pinten-pinten taufik sarta Hidayahipun dhumateng kita sami.
Bapak, ibu ingkang kawula hormati, Wonten ing dalu meniko ngleresi dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 64 warsa, Pramilo mangga kita sareng-sareng bersyukur atas kamardikan ingkang sampun dipun raih kaliyan para Pahlawan pejuang Bangsa.
Para rawuh ingkang kawula hormati, kangge nglajengaken cita-cita bangsa Indonesia dados masyarakat adil lan makmur ade dasar Pancasila lan UUD 1945, Mangga kita dukung program pemerintah ingkang sak estu-estu.
Mekaten ingkang saget kula aturaken, menawi wonten kirang langkunge kula nyuwun pangapunten.
Akhirul kalam billahit taufiq wal hidayah
Wassalamualaikum Wr Wb.

Sumber:http://nieniekz.blogspot.com/2011/12/tanggap-wacana-mengeti-dinten.html


No comments: