Tanggap wacana


Tanggap wacana utawi pidato inggih punika ngendika wonten ing sangajengipun tiyang kathah. Ingkang kula maksud tiyang kathah punika tiyang ingkang gunggungipun langkung saking sedasa, tamtu kemawon tiyang kathah ingkang kula maksud punika makempal wonten ing satunggaling panggenang. Saha ngendika wonten ing sangajengipun tiyang kathah kanti maksud ingkang gumathok.

                Ingkang umum tujuaning tanggap wacono (pidato) punika kaperang dados tiga, inggih punika:

a) kangge nyaosi pangertosan dumateng tiyang sanes/ tiyang ingkang midangetaken.

b) kangge nyaosi pepenget/ pemanggih utawi kangge nyaosi pengaruh dumateng tiyang ingkang midangetaken supados tumindak kados ingkang dipun suwun dening pawacana.

c) kangge nyaosi panglipur dumateng ingkang midangetaken.

                Bilih tanggap wacana kangge nyaosi pangertosan dumateng ingkang midangetaken, ingkang dipun kajengaken inggih punika pamidanget saget mangertos saha paham dumateng panopo ingkaang sampun dipun ngendikaken pawacana (ingkang maringi pidato).

                Bilih tanggap wacana kangge nyaosi pepenget/ pemanggih utawi kangge nyaosi pengaruh dumateng tiyang ingkang mudangetaken, ingkang dipun kajengaken inggih punika pamidanget tansah enget kados ingkang dipun maksud pawacara. Saha pamidanget saget mangertosi maksud tujuanipun pawacana, mangertosi punapa ingkang dipun jlentrehaken pamicara saha tulus ikhlas nindakaken, dumateng punapa ingkang sampun dipun ngendika kaken pamicara.

                Bilih tanggap wacana kangge nyaosi panglipur dumateng ingkang midangetaken, ingkang dipun kajengaken inggih punika pamidanget saged rumaaos rena ing panggalih.

                Mboten ngemungaken punika kemawon, nanging tetiga perangan punika saged dipun cakup sedaya. Dados tanggap utawi pidato dipun klempkaken tetiganipun.

sumber: http://ithinkeducation.blogspot.com/2012/12/tanggap-wacana-basa-jawa-rencana-pidato.html

No comments: