RURA BASA


Tembung salah kaprah ugi winastan tembung  rura basa, tegesipun tembung ingkang sampun risak utawi tembung ingkang sampun lepat nanging kaprah. Tembung salah kaprah punika kapérang dados kalih ;
A.  Tembung salah kaprah ingkang patèn, tegesipun boten saged kaéwahan malih utawi boten saged dipunleresaken ;
1.  Adang sega  : Adang beras supaya dadi sega.  
2.  Mbathik jarit  : Mbatik mori supaya dadi jarit.  
3.  Mènèk krambil  : Mènèk wit krambil.
4.  Nguleg sambel  : Nguleg Lombok supaya dadi sambel.
5.  Nulis layang  : Nulis kertas supaya dadi laying.
6.  Nggodhok wédang : Nggodhog banyu supaya dadi wedang.
7.  Ngenam klasa  : Ngenam pandhan supaya dadi klasa.
8.  Negor gedhang  : Negor wit gedhang. 
B.  Tembung salah kaprah ingkang boten patèn, tegesipun tembung ingkang saged  dipunleresaken malah kepara kedah dipunleresaken ;
1.  Acara  ingkang leres  adicara. Awit tembung  acara punika tembung asalipun
saking basa Indonesia.
2.  Ojo panyeratan punika manut tata paramasastra Jawi lepat ingkang leres aja, awit panyeratan mawi [o] punika panyeratan manut kaidah  paramasastra Indonesia, jer basa Indonesia punika boten saged mbèntenaken antawisipun [a] jejeg kaliyan [o].
Manut kaidah Basa Jawa Manut kaidah Basa Indonesia
Cara      coro
Coro      coro
Lara      loro
Loro      loro
Sapa      sopo
Ana       ono
Wanasaba     wonosobo
Kaliwira     kaliwiro
Sriyanta     sriyanto
Setya Amrih Prasaja   Setyo Amrih Prasojo
Purwareja     purworejo
Retna     retno
Selakrama     selokromo
Leksana     leksono Bahan Ajar Kelas XI Semester Genap 
Triyana     triyono

3.  Panyerating è,e, lan é, kaidah basa Jawi taksih mbèntenaken panyeratan aksara swara è,e,é, déné kaidah basa Indonesia panyeratan [e] boten wonten bèntenipun ;
Manut kaidah Basa Jawa Manut kaidah Basa Indonesia
Kéné          kene
Geger        geger
Gègèr        geger
Kéré           kere
Keré           kere
Sléman     sleman
Kéthok     kethok
Kethok     kethok
Kèthok     kethok
Sapèn       sapen
Kelek        kelek
Kèlèk         kelek

4.  Panyeratan [i] ingkang  dipunwaos [i], lan panyeratan [i] ingkang dipunwaos [e] ;
Uniné [pithék / péthék] panyeratan ingkang leres pithik.
Uniné [sakéng] panyeratan ingkang leres saking.
Uniné [paléng] panyeratan ingkang leres paling.
Uniné [maléng] panyeratan ingkang leres maling.
Uniné [krambél] panyeratan ingkang leres krambil.

5.  Panyeratan aksara swara [u] ingkang kawaos [u] lan panyerating aksara [u] ingkang
kawaos [ů] ;
Alun – alun  dédé  alon – alon
Wedhus   dédé  wedhos
Jujul   dédé  jojol
Udud   dédé  odod
Putih   dédé  poteh
Tukul   dédé  tokol

6.  Ulang tahun basa Jawinipun ambal warsa.
Happy birthday  selamat ulang tahun  sugeng ambal warsa.

7.  Selamat Tahun Baru langkung trep mawi sugeng tanggap warsa;
Happy new year selamat tahun baru  sugeng tanggap warsa.

8.  Akir – akir iki ingkang leres tembé iki, ntas iki ;
Akhir – akhir ini  akir – akir iki [lepat].
Akhir – akhir ini  tembé iki, ntas iki [leres].

9.  Antara liya ingkang leres antarané ;
Antara lain   antara liya [lepat].
Antara lain   antarané [leres].

10. Caos lebetan, caos input, ingkang leres caos pamrayogi, caos panyaruwé ;
Memberi masukan caos lebetan [lepat].
Memberi masukan caos input [lepat].
Memberi masukan caos pamrayogi, caos panyaruwé [leres].

11. Dudu, dédé, liya, sanés;
Dudu tembung ngoko basa Indonesiané bukan.
Dédé tembung krama basa Indonesiané bukan.
Liya tembung ngoko basa Indonesiané lain.
Sanés tembung krama basa Indonesiané lain.
Kula murid SMA dédé murid SMP.
Punika buku dédé potlot.
Punika sanès buku kula.

12. Dèrèng berpengalaman, taksih cubluking kawruh, kirang seserepan.
Belum berpengalaman  déréng berpengalaman [lepat].
Belum berpengalaman  taksih cubluking kawruh [leres]
Belum berpengalaman  kirang seserepan [leres].

13. Didukung, disengkuyung ;
Didukung    didukung [lepat]
Didukung    disengkuyung [leres]

14. Dipunbikak, dipunmilai, dipunwiwiti, dipunpurwakani ;
Dimulai    dipunbikak [lepat]
Dimulai    dipunmilai [lepat]
Dimulai    dipunwiwiti [leres]
Dimulai    dipunpurwakani [leres].

15. Dipuntutup, dipunpungkasi, dipunpurnani, dipungkasi ;
Acara ini mari kita tutup dengan….
Acara iki ayo kita tutup kanthi….
Adicara punika mangga kita tutup kanthi…. [lepat]
Adicara iki ayo dipungkasi kanthi….[leres]
Adicara punika mangga dipunpungkasi kanthi…[leres]
Adicara punika mangga dipunpurnani kanthi…[leres]

16. Kita, kula lan panjenengan, aku lan kowé. Tembung  kita  ing basa Jawi bénten kaliyan  kita bahasa Indonesia.  Kita basa Jawi tegesipun ;  kowé, sampéyan, panjenengan. Awit tembung  kita punika asalipun saking tembung  Jawi Kina ingkang nggadhahi teges kowé, sampéyan lan panjenengan.
Mari kita bersama – sama….
Mangga kita sesarengan [lepat]
Mangga kula lan panjenengan sesarengan [leres] utawi
Mangga sesarengan [leres]

17. Kula lan kawula ;
Kula punika laré dusun [leres]
Kawula punika laré dusun [lepat]
Kawula ing dusun ngriki kathah [leres].
Kula   saya, aku
Kawula   abdi, hamba, rakyat.

18. Kesimpulan, dudutan ;
Jadi kesimpulannya……
Dadi kesimpulané…. [lepat]
Dados kesimpulanipun… [lepat]
Dadi dudutané…. [leres]
Dados dudutanipun…. [leres] 


SUMBER:http://tanahmemerah.wordpress.com/kasastraan/kawruh-bahasa-jawa/tembung-rurabasa/

No comments: