asal mula aksara Jawa


Duk ing nguni ana carita manawa ing tlatahHindustan ana nom-noman kang suka lelana golek kepinteran, uga nom-noman kuwi mau seneng tetulung maring sasama kang lagi nandhang papa cintraka. Wus mapirang-pirang anggone ngangsu kawruh mula ora mokal yen nomnoman kuwi mau saya tambah sugih ngelmu. Ora mung ngelmu babagan kadonyan, nanging uga ngelmu babagan kanuragan lan kebatinan utamane ngelmu babagan budi luhur.
Ing saben lelana nom-noman kang asma Ajisaka kuwi mau tansah di kantheni karo abdi loro kang tansah setya tuhu marang bendarane. Abdi loro mau sing siji aran Dora lan sijine aran Sembada.
Saking suwene anggone lelana, mula ora mokal menawa sawijining wektu Ajisaka ngambah ing pegunungan Kendheng kang kalebu laladan Medhang. Ana ing desa iki Ajisaka ninggal gaman arupa keris kang kudu ditunggu karo salah siji abdi kinasihe yakuwi Sembada. Ora mung semono, Sembada kadawuhan kanthi wanti-wanti ora kena ngulungake keris kuwi mau yen ora Ajisaka dewa kang mundhut.
“Sembada, kerisku iki dak tinggal dak titipke marang sira. mBesuk aku dhewe kang bakal mundhut gaman iki. Welingku sira ora kena ngulungake kerisku marang sok sapaa kejaba mung ingsun pribadi kang bakal mundhut.”
Ajisaka nuli mbacutake tindhake menyang kraton Medhang saperlu ngluwari rakyat Medhang saka tindak candala ratu Medhang. Ratu Medhang nduweni kareman kang aeng yakuwi seneng dhahar daging manungsa. Awit saka kelangenan kuwi mau mula akeh kawula ing Medhang kang pada ngungsi amarga kuwatir lan tansah was-was aja-aja bakal dadi kurbane Ratu.
Ora watara suwe Ajisaka sowan ing ngarepe ratu Medhang,“Sang Ratu, kula kepareng dados dhaharan paduka, namung saderengipun kawula nyuwun bebana”.
“Apa panjalukmu?”, ngedikane ratu
“Kawula nyuwun siti sawiyaripun sorban kawula”
“Ha..ha…ha…Ya, ya… kepareng. Apa maneh panjalukmu”
“Cekap punika kemawon”
Mula sorban kang diagem Ajisaka banjur di jereng. Nanging aeng lang ngedab-edabi, jebul sorban kang diagem Ajisaka ora entek-entek nganti sanagara Medhang ketutup sorban. Malah kepara nganti ing pesisir segara kidul.
Dumadakan Ajisaka nyempyokake sorban kuwi mau nganti ngenani ragane Ratu Medhang. Saka bantere anggone nyempyokake ratu Medhang kontal kejegur ana ing tengah segara kidul, banjur dadi bajul putih.
Sapungkure kadadeyan kuwi mau Ajisaka banjur kanobataken dadi ratu ing Medhang. Kanthi pemarentahan Ajisaka kang berbudi bawa leksana, negara ing Medhang dadi misuwur, kondang amarga tatananing praja kang adil, mula ora mokal menawa Medhang dadi praja kang gemah ripah, loh jinawi. Kawula Medhang kang maune pada ngungsi nuli pada bali maneh lan padha urip tentrem.
Ajisaka banjur kelingan marang abdi kinasih lan keris kang ditinggal ana ing pegunungan Kendeng, mula banjur utusan Dora saperlu njupukake.
“Dora, sira aja pisan-pisan wani bali yen ora ngasta keris kuwi mau”
“Sendhika dawuh, Gusti”
“Aja nunggu kesuwen, sira budhala wektu iki uga”
“Ngestokaken dhawuh, nyuwun pangestu”
Mula dina iku uga Dora menyang pegunungan Kendheng. Sinigeg, Dora klawan Sembada banjur pada padudon amarga pada ngugemi apa kang dingendhikaake dening Ajisaka. Sembada ngugemi menawa sok sapa bae ora kena njupuk utawa njaluk keris kejaba mung Ajisaka pribadi. Semono uga Dora, ora kena bali yen ora oleh gawe.
Wekasan padudon kuwi mau dadi pasulayan lan dadi perang tandhing adu kasekten antarane Dora klawan Sembada. Amarga abdi sakloron kuwi mau nampa ngelmu lan guru kang padha, mula nganti pirang-pirang dina ora ana kang asor. Malah kepara abdi loro kuwi mau mati sampyuh.
Sauntara iku Ajisaka krasa kuatir dene abdi kang diutus mundhut keris ora bali-bali. Banjur kemutan menawa Ajisaka uga nate paring sabda marang Sembada menawa sok sapaa ora kena mundhut keris kejaba Ajisaka pribadi. Prabu Ajisaka banjur nyusul ana ing pegunungan Kendheng. Eba kageting Ajisaka nalika rawuh ing papan panggonane Sembada, sabab ing kono abdi-abdi kinasihe wis pada dadi layon. Loro-lorone mati netepi jejibahan lan setya tuhu marang bendhara. Mula kanggo ngurmati lan pepemut marang abdi sakloron Prabu Ajisaka gawe aksara jawa kang ngemu surasa kadadeyan kuwi mau, yakuwi ha na ca ra ka (ana utusan); da ta sa wa la (pada padudon lan kerengan, amarga netepi lan ngugemi dhawuhe bendhara); pa dha ja ya nya (pada-pada sektine abdi sakloron); ma ga ba tha nga (sakloron pada mati dadi bathang/ layo)
.Diposkan oleh asroni.harijadi (dikutip fififitro)

No comments: