CANGKRIMAN, WANGSALAN, LAN PARIKAN


PARIKAN, CANGKRIMAN, & WANGSALAN

    Parikan: unen-unen kang dumadi saka 2 ukara
1.  Bisa ngendhang ora bisa nyuling: bisa nyawang ora bisa nyandhing
2.  Jemek-jemek gula jawa: aja sok ngenyek karo kanca
3.  Wedang bubuk gula jawa: yen kepethuk ati lega
4.  Rempeyek diremet-remet: yen ngenyek aja banget-banget
     
          Cangkriman: unen-unen kang kudu dibatang
1.    Dikethok malah dhuwur: clana
2.    Emboke dielus-elus anake diidak-idak: andha
3.    Pitik walik saba kebon:nanas
4.    Sega sakepel dirubung tinggi: salak

Wangsalan
Yaiku unen-unen kaya cangkriman nanging dibatang dhewe (batangane wis ana ing wangsalan iku)
Tuladha:
a.     Balung geni, mbok menawa aku ora bisa teka
(balung geni=mawa)
b.    Balung pakel, aja seneng alok-alok
(balung pakel=pelok)
c.     Nyaron bumbung, nganti cengklungen olehku ngenteni
(nyaron bumbung=angklung)
d.    Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir
(jangan gori=gudheg)


No comments: