PENGUMUMAN (BERKENAAN DENGAN TUGAS AKHIR TENGAH SEMESTER GENAP)

HASIL DISKUSI KELOMPOK (TUGAS AKHIR TENGAH SEMESTER GENAP) BERUPA KARANGAN DIKERJAKAN PADA KOLOM KOMENTAR. 


PALING LAMBAT TGL 2 APRIL 2012


TERIMAKASIH.

2 comments:

eko prasetyo said...

Nglestarekaken huruf Jawa
kula milih bab puniki amargi ing sak niki,kula ngraos aksara jawa punika badhe ucal saking budayi Jawa.kengeng nopo aksara jawa punika saget di arani badhe ucal?
amargi kathah banget tiyang-tiyang jawa ingkang mboten saget aksara jawa.
puniki ingkang dados tanggeng jawabipun kita sedaya,khususipun siswa-siswa smk nyinau utawa nglestarekne aksara jawa,supados aksara jawa punika saget lestari ngntos mbenjangipun.
kesimpulanipun inggih dados kwajiban kita njaga aksara supados mboten ucal saking budaya jawa.
mekaten ingkang saget kula damel bilih wnten kesalahanipun kula nyuwun panggagunging pangaksami.kaliyan kula nyuwun saran kangge karangan kula ingkang kathah kekuranganipun

DiksAskiDajjal said...

Kelompok 6 XTSM-C
Nguri-uri Kabudayan Jawi (Kaendahan lan adiluhungipun tembang-tembang)
Kula milih bab punika amarga sak niki kathah sing ngarani yen generasi saiki wus ngalami 'kemerosotan' ngenani kesadharan budayane. Mapanake awak ing urip padinan minangka jejering wong Jawa wus ora pati digatekake maneh.
Mbokmenawa murid-murid saiki isih nampa piwulang bab tembang-tembang macapat, kajupuk saka seratane para pujangga misuwur, sing isine akeh pitutur-pitutur becik mungguhing urip. Kayata saka Serat Wulangreh lan Serat Wedhatama. Mung emane, sajake saiki mung dadi 'kawruh' apalan sing ngebot-boti gundhule bocah-bocah. Kaendahan lan adiluhunge tembang-tembang iku prasasat dadi mbleret, ora gawe sengseme bocah-bocah nanging malah marahi stress! Sing endah lan adiluhung iku malah dadi mboseni! Temahan, piwulang luhur sing kamot ing tembang-tembang iku angel cumenthel ing ati. Kawruh budaya, sejarah, lan ngelmu urip sing maune katurunake lumantar tembang-tembang iku dadi rendhet ora tekan. Bocah-bocah saiki umume ora padha nyandhak yen diajak guneman bab tembang-tembang Mijil, Kinanthi, Mas Kumambang, Dhandhang Gula, lsp. Apa maneh nembangake!
Kesimpulane saiki ayo padha usaha mbalekake lan damelake supados tembang-tembang menika saget dados endah maneh.