Pacelathon ngangge basa ngoko lan basa krama


Tuladha pacelathon nggunakake basa Jawa ragam ngoko lan krama. 
Anton     :
Pak benjang kula rak minggah kelas kalih. Nyuwun dipuntumbasaken motor enggal nggih Pak!
Pak Amir :
Yen wis munggah kelas loro terus arep njaluk ditukokake motor anyar? Ora kleru panjalukmu kuwi Ton!
Anton     :
Mboten Pak.
Pak Amir :
Apa kowe ora mikir bab kahanan kang lagi kaya mangkene iki!
Anton     :
Maksudipun Bapak kados pundit?
Pak Amir :
Kahanan saiki rak lagi padha kena musibah. Ora pantes panjalukmu sing kaya mangkono. Apa maneh rak motormu isih apik ta? mbok apike kowe melu tetulung wong sing lagi kesusahan, ora mikirke awakmu dhewe!
Anton     :
Lajeng ingkang saged kula ayahi  menapa Pak ?
Pak Amir :
Sing bisa kok tandangi antarane melu nyumbang bencana arupa apa wae, klambi utawa sembako rak ya bisa.
Anton     :
Ha ning rasukan kula taksih sae-sae menika Pak!
Pak Amir :
Ya ora apa-apa, malah sing apik kuwi menehi sing isih apik, sing kowe isih seneng. Supaya wong liya sing kokwenehi uga seneng. Aja suwalike, menehi sing wis kowe ora seneng.
Anton     :
Lajeng menawi sembako Pak!
Pak Amir :
Ya mengko kowe dakwenehi dhuwit supaya blanjakna sembako. Dadi dhuwit kanggo tuku motor anyar, sebageyan kanggo tuku sembako sing disumbangake. Tukune motor anyar rong taun maneh, sedheng kowe mlebu kuliah. Piye mathuk ora?
Anton     :
Dados arta kangge tumbas motor enggal, sebageyan kangge tumbas sembako rumiyin Pak?
Pak Amir :
Bener, wis saiki mangkata kana iki dakwenehi dhuwit kanggo tuku sembako.
Anton     :
Inggih Pak.


Tembung Ngoko
Krama
Krama Inggil
Anyar
enggal
-
dhuwit
Arta
-
Ditukokake
dipuntumbasaken
Dipun pundhutaken
klambi
Rasukan
-
Loro
kalih
-
Tuku
Tumbas
Mundhut


sumber: LKS Edisi Revisi 08 09 basa Jawa

No comments: