Soal Basa Jawa kelas X (tuladha)


1.    Karangan kang isine nggambarake kahanan nyata ing alam kalebu jenis... .
2.    Wara-wara miturut sifate bisa dibedakne dadi loro, yaiku wara-wara.... lan....
3.    Wong kang gaweyane golek lan nulis pawarta diarani... .
4.    Basa ngoko bisa dibedakne dadi loro, yaiku.... lan .... .
5.    Basa krama alus yaiku basa krama kang nganggo tembung... .
6.    Crita kang isine asal-usul /kadadean sawijining panggonan diarani... .
7.    Pawarta  iku kudu ngemot 5 bebakal kang kondhang diarani... .
8.    Manut jinise karangan, pawarta iku kalebu jinis karangan... .
9.    Bapak tindak kantor numpak sepedha. Tembung numpak luwih trep menawa diganti... .
10.    Syarate wara-wara kang apik yaiku... lan... .
11.    Pawarta kang arupa tulisan bisa diwaca ana media massa upamane..., ..., lan... .
12.    Karangan persuasi yaku karangan kang isine... .
13.    Kula boten pitados dhateng piyambakipun. Ukara iku nggunakake basa... .
14.    Cerkak iku kalebu jinis karangan... .
15.    Jroning cerkak ana paraga kang apik atine lan dadi paraga utama, kang diarani... .
16.    Tiyang gesang punika ampun njagakaken pawewehing tiyang sanes. Tembung gesang iku ngokone... .
17.    Para tamu sedaya ... dipun rahapi pasugatan ingkang sampun samekta kanthi mardika.
18.    Miturut unggah-ungguhing basa, menawa nelpon wong tuwa kudu nganggo basa... .
19.    Ajining raga saka busana, ajining dhiri saka... .
20.    Macan galak ora bakal mangsa sunu. Tembung sunu tegese... .
21.    Pawarta kang apik kuwi kudu anyar, anyar ateges... .
22.    Aksara Jawa iku cacahe ana... .
23.    Bebukaning ukara ing larikan anyar menawa nulis nganggo aksara Jawa diarani... .
24.    Bocah kuwi pinter banget, ora kaya kakange kang... Tembung kosok balen kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg yaiku... .
25.    Ayo menyang alun-alun nonton wayang! Alun-alun yaiku palemahan jembar ing satengahing... .
26.    Caritane Roro Jonggrang nganti saiki isih kandel ing pangangen-angene masyarakat, utamane ing daerah... .
27.    Jinising pawarta miturut isine yaiku, ..., ..., ..., ... lan... .
28.    Lampune katon padhang... nganti kabeh padha ketara. Tembung kang tegese banget kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg yaiku... .
29.    Pasangan aksara Jawa cacahe ana ... .
30.    Sandhangan kanggo paten h diaraniing aksara Jawa diarani... .

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1.      Coba terangna 5W1H kang kudu diandhut pawarta!
2.      Unggah-ungguhing basa Jawa ing jaman saiki ana patang warna, yaiku : ngoko, ngoko alus, krama, lan krama alus. Coba jelasna lan wenehana tuladha!
3.      Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
a.       Mumpung isih enom ayo padha cancut tali wandha.
b.      Sepi ing pamrih rame ing gawe.
4.      Apa ciri-ciri karangan deskripsi?
5.      Ukara ing ngisor iki owahana dadi basa krama alus!
Eyang nonton wayang ana ing omahe pak RW.





No comments: