Tuladha sesorah pasrah penganten lan nampi penganten


Tuladha sesorah pasrah panganten
Nuwun,
Keparenga matur ing  ngarsaning Bapak saha Ibu Abdullah ing Klapa Gading Banyumas, sumrambahipun dhateng para lenggah sadaya, kakung miwah putri ingkang satuhu kinurmatan.
Ingkang sepisan kula ngaturaken puja-puji syukur dhumateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi dene tansah maringi  karahayon lan karaharjan dumateng kita sadaya.
Kaping kalihipun, sowan kula ing mriki minangka dhutanipun adhi kula kekalih inggih punika Bapak saha Ibu Harjono  saking tlatah Bantul Ngayogyakarta kepareng angaturaken calon panganten kakung inggih punika anak mas Bagus Panuntun. Sesarengan kaliyan menika kula aturaken uba rampe ingkang arupi sandhangan sapengadeg, pepaesan emas berlian, saha srana sanesipun .
Saklajengipun anak mas Bagus Panuntun mugiya  karengkuh kadya putranipun piyambak ing panggulawenthaipun Bapak Ibu Abdullah sakaluwarga saha uba rampe katampi kanthi prayogi.
Wusananipun, kula pribadi nyuwun agunging pangapunten manawi wonten  atur kula ingkang kirang mranani ing penggalih. Dene kula sarombongan  manawi wonten kirang ing subasita nyuwun agunging pangapunten saha ngaturaken agenging panuwun dene  kula sarombongan katampi kanthi rena ing penggalih.
Maturnuwun  

Kang diarani  nampa  panganten yakuwi keluarga calon penganten putri nampa ature saka wakil keluarga calon penganten lanang, kanggo mbacutake   upacara  candhake. Tuladhane upacar jangkep miturut adat Jawa : siraman,  midodaren, ijab qobul nganti pahargyan utawa resepsi.


Tuladha sesorah nampi panganten.
Nuwun,
      Para rawuh ingkang minulya, langkung-langkung dhumateng rombongan Bapak Ibu Harjono saking tlatah Bantul Ngayogyakarta. Minangka sesulihipun kadang kula Bapak Ibu Abdullah kula nanggapi dhawuh pangandikan panjenengan sarombongan.
Ingkang sepisan kula ngaturaken Agunging Panuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Wikan dene ing kalodhangan menika kula sakaluwarga saged pepanggihan kaliyan rombongan saking keluarga Bapak Ibu Harjono, kanthi seger waras, diayomi diayemi.
Kaping kalihipun atur pangandika panjenengan sampun kula tampi kanthi bombonging panggalih dene Bapak Ibu Harjono sampun paring kapitadosan dhumateng kadang kula Bapak Ibu Abdullah saperlu kadhaupaken kaliyan Rara Surthikanthi. Dene uba rampe kangge  sarana upacara adat sampun katampi kanthi jangkep.
      Ing pungkasaning atur kula pribadi nyuwun agunging pangapunten manawai wonten klenta-klentuning atur ingkang kasengaja utawi mboten kasengaja. Bapak Ibu  Abdullah ugi ngaturaken maturnuwun dene panjenengan sarombongan saged rawuh kanthi bombong saha kersa  ngrahapi dhedhaharan sawontenipun.
Maturnuwun


sumber: LKS edisi revisi 08/09 basa Jawa

No comments: