Ukara pakon (kalimat perintah) lan ukara panjaluk/panyuwunan (kalimat permintaan/ permohonan)



Ukara pakon yakuwi ukara kang katujokake marang  wong sing diajak guneman supaya nindakake pakaryan kaya dene sing dikarepake dening sing mrintah.  Kanggo pepeling, ukara pakon bisa uga diarani ukara kang ora ganep (kalimat tak lengkap).
1.
Kang dipentingake tumindake (wasesa), ukarane nganggo pakon tanduk
Antoni,  macaa layang kabar kae!
Hari,  milihana kertas kang wis ora kanggo!

2.
Kang dipentingake barange kang kudu ditandangi (lesan), ukarane nganggo pakon tanggap
Wacanen layang kabar kae Di!
Pilihana kertas kang wis ora kanggo kae An!

3.
Manawa pakon/ perintah kudu kalaksanan, ukarane nganggo tembung katrangan
Kowe kudu lunga saiki!
Poma kowe dingati-ati!

Ukara pakon ananging ukarane kanggo  ngurmati marang sing diajak pacelathon, tetembungane nganggo krama, mula  ukarane malih dadi ukara panjaluk.


sumber: LKS EDISI 08/09 basa jawa 

No comments: