Wacana Eksposisi


WACANA EKSPOSISI
            Wacana eksposisi tegese wacana kang mbeberake anane analisis proses kanthi cara narasi. Narasi kang mangkono mau diarani narasi ekspositoris utawa naras teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan (informasi) ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancas tujuane padha karo eksposisi yaiku njembarake pangertene pawongan.
Yen miturut KBBI (2001 : 290) eksposisi tegese uraian / paparan kang nduweni tujuan mbeberake maksud lan tujuan (umpamane ana sajroning karangan).
Ana sajroning wacana eksposisi panulis kudu nduweni kawruh / pangerten kang cukup bab-bab sing bakal dibeberake. Tanpa kawruh kang mumpuni, mokal kanggone sawijining panulis bisa mbeberake sawijining kawruh kanthi terang trawaca, mumpuni.
Kajaba saka kuwi, kanggo nulis wacana eksposisi uga kudu nduweni kawruh bab pola pengembangan paragraf. Pola pengembangan paragraf sing bisa dianggo ana sajroning wacana eksposisi ana ing ngisor iki .
a) Conto-conto /  tuladha-tuladha
Gagasan sing sifate umum tarkadhang merlokake bukti-bukti utawa conto konkret, conto kang nyata; amrih bisa dipahami dening pamaos
Tuladha :
Kedele sing arep digawe tempe kudu diumbah kanthi resik, jalaran yen ora resik bisa babar / ora bisa dadi tempe. Kedele sing isih reged / kurang bersih ora  bisa agawe matenge tempe. Tempene ish mentah, amarga ragine ora bisa “bereaksi”  kanthi sampurna. Dadine kedele mau wurung dadi tempe. Wujude yan isih kedele. Saliyane kuwi, kedele sing ora resik anggone ngumbah, bisa anjalari tempene dadi ireng, ora bisa putih resik ngono kae.
b) Mbandingake / Perbandingan
Ana sajroning iki diwedharake rong bab kang beda utawa luwih kanggo nyengkuyung gagasan pokok.
Tuladha :
Tuku pitik zaman saiki kudu ngati-ati, amerga akeh pitik utawa sato iwen sing kena flu burung. Antaraning  pitik sehat lan pitik sing nandhang lelara bisa dibedakake. Pitik sehat kuwi pitik sing trengginas, ora lemes. Saka cucuke ora metu ilere tur rupane abang seger ora aclum. Saka brutune ora mbanyu utawa nelek terus tur rupane ora ireng / pucet ning abang seger. Dene pitik sing nandhang lelara kuwi pitik sing lemes, ora nduwe daya. Saka cucuk lan brutune metu iler / banyune lan rupane aclum.
c)  Analogi
Tegese analogi yaiku medharake bab-bab kang padha loro utawa luwih. Ing ngisor iki ana tuladha sing mbandingake antaraning anak lan kembang.
Tuladha :
Anak kuwi kembang ing urip. Anak kuwi wewangian ana sajroning bebrayan / rumah tangga. Anak kuwi sing bisa nyegah bubrahe balepomah. Ana anak uga digantungake pengarep-arepe wong tuwa/kulawarga. Anak uga tombaking gegayuhan sajroning rekasaning ngaurip. Upamane ana saling babak antaraning urip bebojoan, yen ngelingi anak kang isih suci, bisa dadi lereming ati kang panas. Anak pancen kembanging balepomah.
d)  Sebab – Akibat
Pengembangan paragraf jinis iki migunakake penalaran sebab-akibat. Urutane bisa kawiwitan saka sebab tumuju akibat utawa suwalike. Gagasan pokoke bisa ana ing sebab utawa ana ing akibat.
Tuladha :
Yen ditilik saka kahanan kang sejatine, sajake isih akeh warga Surabaya kang mbuwang sampah sembarangan. Kamangka sampah kasebut bisa mbuntoni saluran banyu. Akibate, ing sadhengah panggonan tuwuh banjir. Contone kaya kang dumadi ing pungkasaning  wulan iki.
e)  Proses
Pengembangan proses arep padha karo pengembangan kronologis. Bedane pengembangan kronologis mentingake bab urutaning wektu,  dene pengembangan proses mentingake owah-owahan sing dumadi saka awah-awahan siji tumuju owah-owahan candhake.


Kapethik saking modul basa Jawa X

No comments: