SOAL ULANGAN TENGAH SEMESTER GASAL

SOAL 

ISIAN SINGKAT
A.   Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi bener!

1.    5 W + 1H punika kalebet unsur …
2.    Sumber Informasi wujud tulisan punika saged dipun padosi saking media massa cetak upaminipun ... , …, lan .
3.    Sumber informasi ingkang ing wekdal punika kalebet mutakhir inggih punika… .
4.    Wara-wara ingkang isinipun lelayu kalebet wara-wara ingkang nggadhahi tujuan… .
5.    Prastawa ingkang patut dipun kabaraken dhateng masyarakat dipun wastani… .
6.    Saking 5W lan 1H menawi dipunjawab, saged kalebet fakta murni lan saged ugi ingkang kalebet opini. Ingkang kalebet fakta murni inggih punika… .
7.    Pawarta punika kedah….supados masyarakat boten ketinggalan informasi ingkang enggal.
8.    Menawi pawarta boten… pawarta punika saged ndadosaken pro kontra wonten ing masyarakat.
9.    Perangan pawarta ing ngajeng piyambak dipun anggep paling wigati amargi … .
10. Wara-wara boten sami kaliyan pawarta amargi pawarta cakupan masyarakatipun langkung… .
11. Pawarta bab korupsi saged dipun lebetaken pawarta bidang… .
12. Wara-wara punika kedah….supados masyarakat boten bingung lan saged mangertosi isinipun wara-wara.
13. Aksara Jawa ingkang nggadhahi pasangan sami kaliyan aksara aslinipun inggih punika aksara …, …,  lan… .
14. Tiyang nem kaliyan tiyang sepuh menawi guneman kedah ngangge basa ….
15. Crita ingkang isinipun asal usul/ mula bukanipun sawijining panggenan dipun wastani… .
16. Kula boten pitados dhateng piyambakipun. Ukara punika ngginakaken basa... .
17. Bapak tindak kantor numpak sepedha. Tembung numpak langkung trep menawi dipun gantos... .
18. Legenda Roro Jonggrang ngantos sapunika taksih kandel ing pangangen-angenipun masyarakat, utaminipun ing daerah... .
19. Sandhangan kangge paten h wonten ing aksara Jawa dipun wastani... .
20. Jinising pawarta miturut isinipun inggih punika, ..., ..., ..., ... lan... .
21. Lampune katon padhang... nganti kabeh padha ketara. Tembung ingkang tegesipun banget ingkang trep kangge ngiseni ceceg-ceceg inggih punika... .
22. Bocah kuwi pinter banget, ora kaya kakange kang... Tembung kosok balen ingkang trep kangge ngiseni ceceg-ceceg inggih punika... .
23. Tiyang gesang punika ampun njagakaken pawewehing tiyang sanes. Tembung gesang punika ngokonipun... .
24. Wara-wara miturut sifatipun saged dipun bagi dados kalih, inggih punika wara-wara.... lan....
25. Pawarta punika kedah ngemot 5 bebakal ingkang kondhang dipun wastani... .
26. Tiyang ingkang pedamelanipun pados pawarta dipun wastani... .
27. Pasangan aksara Jawa cacahipun wonten ... .
28. Narasumber saged dipun wastani sumber informasi lisan. Narasumber ingkang cocok kangge pawarta bidang politik inggih punika…, …, lan … .
29. Ajining raga saka busana, ajining dhiri saka... .
30   ”Nuwun sewu, Andin tindak dhateng pundi  nggih,Bu. Kinten-kinten konduripun jam pinten?.”
  Tembung ingkang kacithak miring saged dipun gantos… lan … .

ESSAY
B.                  Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.       Coba terangna apa bedane pawarta lan wara-wara! Jelasna saka segi ciri-cirine!
2.       Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
a.       Mumpung isih enom ayo padha cancut tali wandha.
b.      Sing gelem ngalah bakal luhur wekasane
3.       Apa bae syarat wara-wara kang apik kuwi? (4)
4.                                                                                      WARA-WARA
RUWATAN SUKERTA, JAMASAN PUSAKA 1 Suro 1431 Kantor Jawa Pos Lama Jl Karah Agung 45 Surabaya, 6-7 Desember 2010. Dalang Ruwat: Ki Darmo Suwito Noyontoko, dalang malem tirakatan: Ki Surono Gondo Taruno kanthi lakon semar gugat.
Informasi lan pendaftaran: majalah LIBERTY Jl Karah Agung 45 Surabaya (031) 6288888 (hunting) Elly/Darmono
Enggal ndaftaraken, panyarta winates.
Jaya Baya 15 Minggu II Desember 2010
Coba analisisen wara-wara ing dhuwur saka segi:
a.       Isine wara-wara
b.      Katujokake marang ngendi
c.       Sing kirim wara-wara
d.      Iguh pratikelmu/ pendapatmu

5.       Wacanen ukara nganggo aksara Jawa iki kanthi trep

No comments: