SOAL ULANGAN UMUM SEMESTER GASAL

SOAL

Hari, tanggal:                                                                                        Kelas: X ( Sepuluh)
Mata pelajaran: Bahasa Jawa                                                               Waktu: 90 menit
ISIAN SINGKAT
A.   Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi bener!

1.    Informasi ingkang patut dipunwartakaken dhateng masyarakat dipun wastani …
2.    Sumber Informasi wujud tulisan punika saged dipun padosi saking media massa upaminipun ... , …, lan .
3.    Syarat sumber informasi ingkang sae  inggih punika…, …, lan… .
4.    Wara-wara dipun damel amargi nggadhahi tujuan. Tujuan wara-wara inggih punika… .
5.    Tiyang ingkang pedamelanipun pados warta dipun wastani… .
6.    Saking 5W lan 1H menawi dipunjawab, saged kalebet fakta murni lan saged ugi ingkang kalebet opini. Ingkang kalebet fakta murni inggih punika… .
7.    Pawarta punika kedah….supados masyarakat boten ketinggalan informasi ingkang enggal.
8.    Menawi pawarta boten… pawarta punika saged ndadosaken pro kontra wonten ing masyarakat.
9.    Perangan pawarta ing ngajeng piyambak dipun anggep paling wigati amargi … .
10. Wara-wara boten sami kaliyan pawarta amargi wara-wara cakupan masyarakatipun langkung… .
11. Pawarta bab siskamling saged dipun lebetaken pawarta bidang… .
12. Wara-wara punika kedah….supados masyarakat boten bingung lan saged mangertosi isinipun wara-wara.
13. Aksara Jawa ingkang nggadhahi pasangan boten  sami kaliyan aksaranipun jumlahipun… .
14. Tiyang nem kaliyan tiyang nem menawi guneman saged ngangge basa ….
15. Crita rakyat saged arupi … , …, …, lan … ..
16. Ayo pak dhahar dhisik mumpung isih anget. Ukara punika ngginakaken basa... .
17. Simbah mangan roti sinambi lenggahan ing teras. Tembung mangan  langkung trep menawi dipun gantos... .
18. Legenda Rawa Pening ngantos sapunika taksih kandel ing pangangen-angenipun masyarakat, utaminipun ing daerah... .
19. Sandhangan kangge paten h wonten ing aksara Jawa dipun wastani... .
20. Purwakanthi inggih punika… .
21.  Purwakanthi ingkang runtuting swara wonten ing huruf vocal dipun wastani… .
22. Wong kang jejodhohan kuwi luwih becik menawa nggatekake bibit, bebet, bobot. Purwakanthi wonten ing ukara kasebat dipun wastani purwakanthi... .
23. Tiyang gesang punika ampun njagakaken pawewehing tiyang sanes. Tembung gesang punika ngokonipun... .
24. Wara-wara miturut sifatipun saged dipun bagi dados kalih, inggih punika wara-wara.... lan....
25. Pawarta punika kedah ngemot 5 bebakal ingkang kondhang dipun wastani... .
26. Protagonist ingkang wonten ing crita Andhe-andhe lumut inggih punika... .
27.  Amanat crita Andhe-andhe lumut upami dipun pendhet saking paraga Klething Kuning inggih punika ... .
28. Legenda ing Jawa Tengah upaminipun…, …, …, lan … .
29. Ajining raga saka busana, ajining dhiri saka... .
30   ”Nuwun sewu, Putri tindak dhateng pundi  nggih, Pak?  Kinten-kinten konduripun jam pinten?.”
  Tembung ingkang kacithak miring saged dipun gantos… lan … .


B.                  Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.       Coba terangna apa bedane pawarta lan wara-wara! Jelasna saka segi ciri-cirine!
2.       Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
a.       Sepi ing pamrih rame ing gawe
b.      Sabar lan sadar kuncine wong urip tentrem
3.       Apa bae syarat wara-wara kang apik kuwi? (4)
4.                                                                                      WARA-WARA
RUWATAN SUKERTA, JAMASAN PUSAKA 1 Suro 1431 Kantor Jawa Pos Lama Jl Karah Agung 45 Surabaya, 6-7 Desember 2010. Dalang Ruwat: Ki Darmo Suwito Noyontoko, dalang malem tirakatan: Ki Surono Gondo Taruno kanthi lakon semar gugat.
Informasi lan pendaftaran: majalah LIBERTY Jl Karah Agung 45 Surabaya (031) 6288888 (hunting) Elly/Darmono
Enggal ndaftaraken, panyarta winates.
Jaya Baya 15 Minggu II Desember 2010
Ubahen wara-wara ing dhuwur dadi pawarta!
5.       Gawea pacelathon singkat kang ngandhut:
Purwakanthi basa lan wangsalan!
6.       Purwakanthi kuwi ana telung jenis. Sebutna lan tulisen bedane!
7.       Syarat sinopsis crita sing apik ana telu. Sebutna!
8.       Sebutna bidang-bidang pawarta!
9.       Tulisen sinopsis mula bukane aksara Jawa!
10.   Andhe-andhe Lumut kuwi sejatine pangeran Inu Kertapati.
Sebutna pasangan-pasangan sing dienggo menawa ukara ing dhuwur ditulis nganggo aksara Jawa!




No comments: