DAFTAR SISWA REMIDI US GENAP BAHASA JAWA KELAS X-TSMB 2012/2013


1.       BAYU AP
2.       BAYU YN
3.       PRAYOGI SMG
4.       SANJAE F
5.       WAKHID AJ

6.       ZUKRIA A



Remidi dilakukan dengan mengerjakan soal: 
Gawea paragraf (minimal 7 kalimat) sing ngandhut paribasan, tembung entar. 
Digarap wonten kolom komentar maksimal 15 Juni 2013. Maturnuwun.

7 comments:

Unknown said...

TPD wonten/mboten bu!?

Anonymous said...

NAMA : PRAYOGI SURYA M.G.
NO : 22
KELAS : X SM’B
MALING TOBAT
Ing desa wonokarto ana bocah jenenge prayogi. Bocah iki kondang amarga dawa tangane. Masyarakat marang prayogi abang kupinge. Sanajan dinesuni yogi jembar segarani. Yogi ngrasa wis kebak sundukane . Mula saiki dhek.e wis ora gelem maling. Saking dinesuni yogi golek banyu bening menyang kutha gedhe.

Anonymous said...

NAMA : BAYU Y.N.
KELAS : X SMB
NO :10
KABECIKAN
Neng STM ana bocah jenenge Bayu Gatra. Bocah’e duweni sifat kang jembar segarane. Kanca- kancane nganggap bayu kuwat drajat’e. Nanging Bayu kancanan karo kethek saranggon. Dadi Bayu wedi yen nek cedhak-cedhak celeng dadi boloten. Sidane Bayu ngadoh’i kancane iku lan nandur kabecikan. Amarga Bayu pengen dadi wong kang luwih apik amarga pengen padhang dalane.

Anonymous said...

Nama : Zukria Abadi
No : 32
Kelas : X TSM B

Ing sawijining dina ing desa selogiri ana wong jenenge Ida. Ida kondang ing sawilayah selogiri lan sekitare amarga sifate gur adol ayu, ati dhondhong, lan ala jenenge marang wong liyo. Beda karo bojone bau tengen lan jembar segarane marang wong liyo. Masyarakat marang Ida gur iso sesak dhadhane lan panas atine. Nanging banjur kuwi Ida wis kegugah atine marang opo sing daklakoni marang bojone lan masyarakat sakitare. Mula saiki dheke wis ora gedhe endase marang ayune kuwi amarga kabeh kuwi ora ono manfaate. Saiki Ida golek banyu bening lan wis ora gelem bali dadi wong kang adol ayu, ati dhondhong, lan ala jenenge..
Matur nuwun..

Anonymous said...

Nama : Wakhid Abdul Jamil
No : 31
Kelas : X TSM B

Sawijining dina ana desa kukus sing duweni penduduk rata rata ora sekolah lan penduduk’e dawa tangane. Amarga ora tau diweruhi ilmu pengetahuan lan penduduk’e seneng buang tilas. Salah sijining wakhid sing dawa tangane lan ala kandhutane. Wakhid neng desane dadi asu gedhe menang kerahe. Sidane wakhid tobat lan nandur kabecikan. Saiki saben dina wakhid seneng ibadah amarga pengen padhang dalane. Lan nyebar kabecikan amarga pengen jembar dalane

Anonymous said...

Nama : Sanjae Febrianto
No : 30
Kelas : X TSM B

Ing sawijining dina ana bocah bocan kang lagi dolanan bal-balan. Bocah bocah iku mau bal balan kanti ati kang bungah. Ana sawijining bocah kang cilik atine amarga mendunge wes katon peteng. Deweke katon abang raine amarga diece marang kancane. Awan awan wis bingung mulih. Sakwise diece bocah kuwi kaya baladewa ilang gapite. Banjur bocah iku mau katon abang kupinge lan ninggalake kancane. Bocah iku mau nesu amarga diece kancane belo melu seton ura iso mantheng karo atine dewe..

Anonymous said...

NAMA : bayu adhi pratama
NO : 08
KELAS : x TSM B

KELAKUAN ELEK
Ing sawijining desa ,ana bocah jenenge linglung. pawakane bung pring petung. deweke lunyu ilate. amarga lunyu ilate, ngabanggake kuping sing ngrungokke. amargo dinesoni wong, deweke ulat peteng. deweke yo asu marani gebug. deweke pernah dikeki nasehat,nanging malah abang kupinge.deweke seneng ngajari bebek nglangi. tur kerep asu rebutan balung.